PRABEDA PAMANGGIH PUNIKA ENDAH
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/14uxEVJyiZ/?mibextid=oFDknk
Para sanggya kadang kang kinasih, kita samya ngawuningani bilih saben tiyang anggadhahi kekiyatan, karikatan, kacukatan, katrampilan kang beda-beda, gumantung yuswa, kesehatan, padadan lsp lsp. Makaten ugi ing salebeting konkiren, jor-joran rebat unggul upados dedagangan lss. Ing kawontenan kados makaten temtu wusananipun nuwuhaken regejegan boten sehat, saged-saged ndadosaken memengsahan sacara tinarbuka. Pramila satunggal lan satunggalipun kedah saged ngendhaleni kanepson lan sasaged-sagedipun ngemuti bilih sadaya sampun nggadhahi rejekinipun piyambak-piyambak, Gusti Allah ingkang ngatur.
Ewa samanten, kadadosan prabeda pamanggih punika endah lan sampun jamak kang kawastanan endahing dhemokrasi.
Emanipun, ing babagan politik wonten kemawon ingkang sami rebut kursi panguwaos, udreg-udregan menangipun piyambak, ngasoraken ngasanes boten ngajeni malah kelangkung ngolok-olok lawan tandhingipun, punika mujudaken patrap ingkang boten elok. Malah wonten ugi ingkang mawi cara mbeseli rakyat murih pikantuk swaranipun ing kampanye pilkada kawastanan 'politik uang'.
Kadospundi cobi menawi tetiyang ngantos tumindak makaten punika nyepeng kalenggahan panguwaos? Lha nggih kojur saged adamel horeg tuwin anjalari lumampahing pamarentahan mlenceng saking gegayuhan kang sinedya.
Katentreman, karaharjan dalah adil lan makmur badhe saged ginayuh bilih salah satunggaling rodha pamarentahan lumampah kanthi sae, rancangan pakaryan salaras kaliyan kabetahan masarakat saha miturut pranatan punapadene paugeran undhang-undhang kang punanut.
Salam tentrem rahayu mugya kajiwa lan kasarira ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah piyambak mring kita sadaya bangsa Indonesia... Amin Aminn 🙏🙏
JM, lingsir dalu, 81224
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar