SARING SEBELUM SHARING
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15EetrMukn/?mibextid=oFDknk
Ing basa Indonesia kita asring nemoni tembung "saring sebelum sharing".
Iya, tembung iku sabenere dipigunakake ngandhut pitutur, pepeling supaya kita ora angger bae ambage warta kang durung temtu bener orane. Pitutur iku nduweni makna luwih teges ing jaman saiki nalika ambage/nyebarake sawijine warta segampang banget klawan ngobahake driji ing lembaring layar gawai (piranti elektronik).
Pepeling utawa pitutur kasebut sejatine ngelingake pangati-ati lan luwih satiti. Ora kabeh pawarta kang dipireng iku bener. Ora kabeh warta/kabar kang katampa komplit lan menehi gambaran wutuh ngenani sawijine kedadean. Mula luwih prayoga dibutuhake banget sumadhiya ngurbanake wektu kanggo nggoleki kabenerane sawijine kabar kanthi satiti sadurunge pracaya, apa maneh nyebarake klawan ambage-bage ing medsos.
Ing jaman saiki kamajuan teknologi informasi kita ngenal sing jenenge kabar apus-apus, goroh, kabar palsu sing direka-reka sasenenge sing nulis, sabanjure kasebut 'hoaks'.
Ana telung jinis hoaks sing bisa kapantha (kadudud saka KBBI Kamus Besar Bahasa Indonesia) :
1. sepisan, 'misinformasi', yaiku kabar sing ora bener lan ora dijarag disebarake,
2. kapindho, 'disinformasi', yaiku kabar ora bener sing dijarag digawe lan disebarake klawan tujuan mblondrokake wong liya.
3. kaping telu, 'malinformasi', yaiku kabar ngandhut kabeneran, nanging diracik lan dibumboni tetembungan kanggo gawe rugi/wirange pehak tertamtu.
Kanggo pangati-ati supaya ora kajiret UU ITE Undhang Undhang Informasi & Transaksi Elektronik , kita prelu ngetrapake pangati-atian lan kawaspadan jroning bebrayan urip kita. Saben-saben kita nampa kabar, utamane kabar mau anyar tumraping kita, ana becike kita titi priksa dhisik klawan satiti. Aja grusa-grusu lan kesusu kepancing nanggepi karo kebak emosi. Prayoga luwih nengenake patrap sabar, wicaksana nadyan kabar mau ana benere. Muga-muga kita ora kesandhung krikil lan kejeblos , nirbaya nir sambekala.
Mangkono kira-kira sacara cekak aos kang bisa kaandharake bab irah-irahan 'Saring sebelum sharing'.
Salam tentrem rahayu kang tinemu
bagas saras kang linaras
sarwa dumadi kang kaèsthi
Gusti amberkahi... Aa_aamin A_aamin 🙏🙏
JM, parak esuk , 271224
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar