WELINGE BAPA MARANG PUTRA MANTUNE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15JCDjrbv7/?mibextid=oFDknk

- "Sing sepisanan ngrangkul putriku iku aku, dudu sliramu."

- "Sing sepisanan ngesun putriku iku aku. dudu sliramu."

- "Sing sepisanan ngopeni putriku iku aku, dudu sliramu."


* Sinambi ngusap eluhe 🤧, sang bapa mbacutake, 

"Ananging, aku nduweni panjaluk (pangarepan) marang sliramu dadia bojo kang ngancani putriku saumur uripe."

"Aja nganti dheweke kok sia-sia lan kok larani, utamane pangrasaning ati!"

"Lan sawanci ing dina mengkone sliramu wis ora tresna meneh, aja kok kandhakake dheweke, ning cukup mung kok aturke marang aku! Aku bakal ngajak nggawa mulih!" 😍🤧


Ukara ing nginggil dhawuh welingipun bapa nadyan ketingalipun sapala, nanging anggadhahi makna ingkang lebet saha salaras kalihan Catur Weda ing salah satunggaling adicara urut-urutan tiyang sepuh mantokaken putrinipun kinasih.

Catur Weda mujudaken satunggaling acara dhawuhipun bapa dhateng lare jaler calon putra mantunipun :

1. Hangayomi/Mengayomi

  Minangka kepala kulawarga, putra mantu kudu lan wajib ngayomi sisihane kanthi golonging ati. Jejering ngayomi iku ateges padha karo wong tuwa ngayomi lan nggulawenthah putra-putrane tanpa pamrih krana linandhesan sih-katresnan. 

2. Hangayani/menafkahi/ menyejahterakan

  Minangka kepala kulawarga, putra mantu kudu lan wajib nduweni tanggung jawab nyukupi kabutuhan lair batin marang sisihane.

3. Hangayemi/memberi rasa nyaman :        

  Minangka kepala kulawarga, putra mantu kudu lan wajib bisa tansah gawe rasa ayem tentrem jroning bale somahe temahan sisihane tansah ngrasakake ditresnani dening garwane. 

4. Hanganthi/memimpin

  Minangka kepala kulawarga, putra mantu kudu lan wajib bisa mandhegani/mimpin lumakune bale somahe klawan wicaksana bebarengan sisihane.


Makaten ringkesing sekawan/catur dhawuh ingkang punparingaken dhateng putra mantunipun rikala sang bapa ngeculaken putri kinasihipun badhe emah-emah awit punpek/pundarbeni/punsuwun dados sisihanipun dening lare jaler.


Sumangga, sugeng ngayahi darmaning tiyang sepuh anggulawenthah tumraping putra-putrinipun kinasih.

Gusti amberkahi.... Amin Aminn.. 🙏🙏


JM, pajar-sidik, 101224

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN