SAIKI AKU NGERTI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BJg16nDJR/?mibextid=oFDknk
Saiki aku ngerti,
- nadyan kita wis ngupaya lan nyambut gawe mempeng,
- nadyan kita wis nindakake wajibe printah agama,
- nadyan kita wis sregep ngibadah ing dalem pangibadah (mesjid, greja & kuil), sregep ndedonga, lan nindakake pakaryan sosial,
ananging panggah bae uripe sarwa kesrakat lan mlarat.
Aja kuwatir! ora prelu was sumelang lan cilik ati! apa maneh, ngundhat-undhat/nutuh marang Panjenengane Gusti Allah Kang Ma' Kawasa kang ngereh jagad saisine.
Ana bocah cilik pitakon marang ibu bapake : "Ibu bapa, kenging menapa kita mlarat?"
Kanthi sareh sang ibu ujar, "Thole, urip iku kaya mlaku-mlaku ing Supermarket"
"Kabeh wong bisa milih lan nggawa barang-barang sing dipengini." bacut ujare ibune.
"Sapa sing nggawa sapotong roti, dheweke kudu bayar regane sapotong roti."
"Sapa sing nggawa telung potong roti, kudu bayar regane roti telung potong iku."
Ujar ibune meneh,
"Wondene, kita ora bisa nggawa apa-apa jalaran ora duwe dhuwit kanggo tetuku."
Bacut ujare sang ibu meneh,
"Ing ngarep meja bayar (kasir) kita ora bakal dipriksa, diejarke bae mlaku metu Supermarket."
"Mangkono uga le, mbesuk ing Dina Kiamat,
nalika wong-wong sugih antre ing pamriksan dijaluki tanggung jawabe."
Si bocah cilik mung meneng bae karo nyemak ujar ibune..,
"Nalika wong-wong sugih ditakoni saka ngendi raja branane, lan kanggo apa bae kasugihane ditanjake? Nanging kita diejarke bae lumaku tanpa sanggan."
"Piye le? luwih penak ta?! apa wis ngerti?"
"Apa kowe isih uga durung bisa nampa, anakku?" pandangu ibune.
"Yen pancen kita ditakdirake dadi wong mlarat. SABARA dhisik, merga sawise wancine KEMATIAN, kamlaratan bakal sirna!"
"Mikira sing jembar lan sareh!"
Mbokmenawa, yen kita durung bisa nampa, kita kudu luwih sumungku nyadhong panuntune Gusti. Temahan kita bisa oleh sih-rahmate Gusti.
Singkirana pamikiran mlarat
Kanthi nyirik ujar :
*Aku ora bisa!
*Aku ora duwe wektu!
*Urip ora adil!
*Dudu salahku!
*Wong liya bisa merga sugih/begja!
Saiki aku ngerti!
Aja kuwatir lan cilik ati!
Sugih lan mlarat dudu ukuran mulya lan ina minangka manungsa ing ayunane Gusti. Tetepa duwe pamikiran kang becik dene Gusti Allah kagungan rancangan kang becik dhewe tumrap urip kita. Tansaha muji sokur awit saka Karsane, Gusti wis nyawisake papan kang elok kanggo urip ing margine Panjenengane. 👏
Salam tentrem rahayu wontening Sih-rahmating Gusti mugya kajiwa lan kasarira dhumateng kita sadaya.👏
Gusti amberkahi... Amin Aminn 🙏🙏
JM, gagat bangun , 121224
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
sumber inspirasi dlm bhs Indonesia : https://www.facebook.com/share/p/1FyDnQx5im/?mibextid=oFDknk
Komentar
Posting Komentar