CUACA EKSTREM
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1DZdZqaY2w/?mibextid=oFDknk
Sacara umum, pangertene "Cuaca" yaiku kaanane hawa 'atmosper/atmosfer' ing wektu lan ing laladan/wilayah tartamtu gandhenge karo adhem-panase hawa (suhu udara, bs.Ind.), sunare srengenge, angin, udan lan owah-owahan kaanane hawa liyane.
Dene pangertene "atmosper/atmosfer" yaiku lapisan hawa kang ngemuli bumi nganti dhuwure +/_ 300 km kang isine maneka campuran gas nitrogen, oksigen, argon lan gas-gas liyane.
Ing wekasan iki asring kapireng warta-warta ing tv bab "Cuaca Ekstrem" kang digiyarake dening BMKG (Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika).
'Cuaca ekstrem' bisa digambarake kedadean owah-owahan kaanan iklim alam sacara njomplang lan dadakan.
Kedadean cuaca ekstrem bisa jalarane :
1. Owah-owahan iklim, disababake anane pamanasan global (sacara warata) ndadekake cuaca ora temtu kadhang banget panase kadhang banget adheme nyempal saka padadan.
2. Angin Monsun Asia yaiku lakune angin sacara ajeg seka benua Asia tumuju Australia ngliwati Indonesia.
3. đđąâđą âđđ€đ đđđđđ đ đđâđąđ€đąđđ đ đđđđđ andadekake nglumpuke mendhung cikale udan lan alun gedhe (gelombang) atmosper.
4. đđđđđđ đđđđâđ đđđđąđđđ đ, utamane pangrusakan (ngobong) alas, emisi gas rumah kaca (gas ing atmosper sing bisa ndayani nyerep lan mbalekake radiasi infrared saka sumbere), polusi hawa asep pabrik lan angkutan umum.
5. đșđđđđđđâđ đđđđ yaiku anane pegunungan lan segara bisa ndadeake owaha-owahan adhem panase hawa sacara dadakan.
Apa gandhenge anane cuaca ekstrem? Bisa ndadekake bencana alam banjir bandhang, palemahan ambles lan jugrug, angin lesus lsp.
Sabanjure gagal panen, akibate panyedhian sayur-sayuran, lombok, bawang lan liya-liyane seka petani dadi kurang. Wusanane reregan barang-barang kebutuhan pokok dadi mrambat mundhak. Apa meneh ing wanci samengko iki ngarepake preenan sekolah, riyaya Nataru melu nambahi mletike reregan barang kebutuhan pokok. Ketambahan meneh ana rencana mundhake PPN dadi 12 % senadyan wis diputusake dening pamarentah yen barang-barang kebutuhan pokok dibebasake saka PPN 12 % alias 0 %, tetep bae reregan liyane melu kekerek regane.
Iya kaya mangkono iku gegambaran kawusanane cuaca ekstrem marang obah mosiking ekonomi masarakat. Temtu pamarentah (pamarentahan anyar) nduweni tugas lan tanggung jawab abot kepriye bisane nanggulangi temahane uripe masarakat cilik bisa kanggo nutupi kabutuhan urip pedinane.
JM, pitoelas desember esoek'24
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar