JAGAD KADHÊMÊN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15GZdySAXi/?mibextid=oFDknk

Jagad kadhêmên, mêthõthõl kaku

katêntrêman, sanyåtå datan tinêmu.

Pagêblug kasêwênangan, panyiksan gawe judhêg

ing samêngko ngåmbrå-åmbrå nora kandhêg.


Upåmå aku pangõn, dak pasrahke wêdhusku

upåmå aku juragan, dak pisungsungake råjå-branaku

Nadyan aku urip påpå, dak kurbanake uripku

cikbèn jagad iki nora kadhêmên kaku.


Têntrêm rahayu dadi gêgayuhan prå umat

tansah kasuwun Gusti sinung sih-rahmat.

Dhuh Allah pêpujan sanggyaning prå kawulå

uwalkên kawulå saking bêbêndu Padukå.


JM, lingsir dalu, 041224

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN