JÊJÊRITE BUMI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15R3gMzpLE/?mibextid=oFDknk
Bumi riptane Gusti, elõk kawitane
krånå polahe manungså samangkyå såyå surêm kaendahane.
Bantålå såyå makingking krånå gundhul alase
ayo gõtõng rõyõng gyå têtandur.
Wit-witan kababad, banjir bandhang anrajang
ayo kitå tanêm wit-witan lan kêkêmbangan.
Sato kewan padha kingking, papan panguripane kaobrak-abrik jaile manungså
ayo kita gyå tumandang sêngkut mrih asrining alam.
Sumbêring tirtå jêmbêr dening uwuh bêkakrahan.
ayo kitå gyå tumandang nglawan karusakan alam.
Lapisan atmõsper mõprõl nggrõnggõng
ayo kitå sêngkut ngrêkså lêstarine.
Jêjêrite bumi ngambrah-ambrah,
ès kutub lubèr jugrug, palêmahan karêndhêm tirtå
horêg lõngsõr tinêmu ing sadhengah tlatah
ayo sayuk-sayuk ngrêksa wutuhing jagad råyå.
sorogan :
Para kadang sutresna, guritan kasebut rinakit saking dene ✍️panulis✍️ nggagas-nggagas lan miris dene wektu samengko iki ing ngendi-endi akeh kedadean bencana alam kang nggegirisi.
Banjir bandhang, pereng jugrug pomahan padha ambruk, gunung mbledhos, angin lesus ngrusak samubarang kang ketrajang, kacilakan tetumpakan, kobongan alas lsp lsp.
Yen digagas-gagas, kabeh iku jalaran rusaking alam. Antarane pembangunan karo angreksa lestarine alam ora ana kesalarasan (ora imbang). Iku wus mataun-taun suwene manungsa ora nate nggape. Mung ing wektu-wektu sing keri iki nembe padha kasentak yen sejatine luputing manungsa iku dhewe sing ndadekake rusaking alam.
Muga-muga bae kabeh pehak pamangku pamarentahan klebu masarakat kabeh padha sagolong sapikir kepriye carane ngreksa/njaga lestarine alam. Masarakat dijaluk lan wajib melu andarbeni lan nresnani lestarine alam, upamane ora buwang larahan saenggon-enggon, golek kayu bakar klawan ngobong alas. Para kang duwe dhuwit (pengusaha, cukong) ora gawe pabrik, mal-mal, komplek pomahan tanpa ngetung kawusane sakiwa tengen (dampak lingkungan). Pamarentah minangka pangwuasa ora gampang ngetokake idi marang cukong kanthi mayar ora metung kapentingan lestarine 'lingkungan', apa maneh yen ing kene nganti nampa besel gampang ngegulake idi kanggo para cukong.
Salam tentrem rahayu wontening Sih-rahmating Gusti mugya kajiwa lan kasarira dhumateng kita sadaya.👏
Gusti amberkahi... Aa_aamin A_aaminn 🙏🙏
JM, bangun esuk, 291224
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar