KADADEAN SEPELE GEDHE TULADHANE
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GvYk5THM1/?mibextid=oFDknk
Tulisan iki karingkes saka crita nyata pemudhik (pawongan mulih nyang udhik).
Wanci sore nalika aku satengahe mudhik seka Jakarta tekan Purwokerto mampir ing Alfamart. Sawuse metu saka Alfamart, aku nyawang ana Bapak sepuh kira-kira 60 taunan jenggoten dawa, dodolan kripik nganggo pit onthel mandheg ing pinggir dalan ngarep Alfamart.
Enggal dakampiri Bapak sepuh iku lan dakluruhi/dakaruh-aruhi (kusapa, bs.Ind) : "Sadean napa Pak?"
Wangsulane Bapak sepuh : "Oo, niki Mas werni-werni kripik Mas, niki kripik tempe, kripik singkong lan pisang"
Pitakonku meneh : " Pinten regine kripik tempene, Pak?"
Bapak sepuh : "Mirah Mas, namung Rp.5.000 mawon sawungkus, mangga dilarisi"
Aku : "Sedasa ewu 3 pikantuk mboten, Pak?" nganyangku.
Sanalika praupane katon yen setengah jengkel nadyan diempet, nanging nyoba mesem Bapak Sepuh mangsuli : "Ngapunten Mas, regine pun mirah sanget lhe, lan pun dados bandrol. Nanging yen nJenengan kula sedhekahi nggih boten napa-napa, kula imbuhi sawungkus kangge nJenengan!"
Wuss... kaya ketampeg puting beliung! sanalika isin banget atiku!, coba bayangke tungganganku montor Fortuner arep disedhekahi sabungkus kripik dening Bapak sepuh sing tunggangane ngonthel pit iku??!!" 🤭🤧
Njur supaya ora kalah isin, aku nyoba adu alesan : "Mosok boten pikantuk nganyang? nyang-nyangan rak nggih pun limrah ta pak?"
"nJenengan wau blanja teng Alfamart napa nggih nganyang regi sing dibandrol ing templekane barang!?", wangsulane teges.
Sepisan meneh aku kaget lan tambah isin, blangkemen ora sanggup mangsuli 🫡🤭
Nuli Bapak sepuh iku mbacutake celathune, : "Niki kula sukani conto teng nJenengan nggih Mas. Upami nJenengan dhateng Showroom Mobil, badhe tumbas montor. Satunggaling montor regine Rp.500 yuta, lajeng njenengan nganyang 3 montor mawi regi Rp.1 milyar. Kinten-kinten menapa ujare sing gadhah Showroom?"
Whadhuh kaya disamber bledhek, aku tambah isin, mak klakep ora bisa ngomong! 🤭🫣
Sambunge meneh si Bapak sepuh iku :" Mas, Alfamart niku sing gadhah Konglomerat, wong sugih mbegigih, menawi sumbangan ing struk blanja diklumpukke sa-Indonesia, sedinten saged ewonan yuta, leres boten Mas? Niku kemawon yatra sumbangan. Dereng malih kiyambake gadhah kathah perusahaan ageng malah menawi ugi gadhah parte politik, hahahahaa..!"
Dhuhh...wadhuhh... sangsaya lingsem iki, aku mati Skak karo ndhingkluk rasane gela kenapa kok ya ndadak nganyang-nganyang mau! heeemm...🫣🫣
Imbuhe Bapak sepuh iku karo mesem, "Yen kula sadean kripik niki lha rak nggih mung kangge nyambung urip, Mas, kangge nyekolahke lare-lare ing Pesantren, kangge bayar kontrakan saben wulan".
"Pira-pira kanggo gawe parte, wong ngge mangan ben dina aku kudu mider ngonthel pit dakrewangi panas-panasan!"...., gremenge keprungu ing kupingku.
Ora krasa tenggorokanku rasane salit, lan mripatku krasa kembeng-kembeng nganti ora wani ngulatke si Bapak sepuh iku.
Dak gagas-gagas kayane Bapak sepuh iku dudu wong sembarangan sing ora duwe pendhidhikan babar pisan. Ing mripate katon landhep pandulune ning tetep tata trepsila . Aku dadi isin banget lan salin dadi urmat krana ndlidir ujare sing maune dakanggep sepele.
Ana rasa luput ora ngajeni marang wong tuwa sing isih gelem susah payah golek dhuwit/rejeki kanthi kethiyelan nggenjot pit onthel. Blaka!, aku njur kelingan bapakku suwargi.
Sajroning ati, aku janji mengko bali seka Yogja arep mampir mrene meneh saprelu bisa ketemu bapak sepuh iku nedya mborong kripike kanggo oleh-oleh kanca-kancaku ing Jakarta.
Wusanane aku ngudaneni (meruhi kanthi kacêlèk ing nala), nuli enggal-enggal dakjupuk dhompet lan aku njaluk diwungkuske 2(rong) wungkus kripihk tempe lan 2(rong) wungkus kripik singkong.
Sawuse iku. dheweke ngulungke karo ujar meneh, " Niki kula imbuhi sawungkus kangge putra-putrane sing teng nglebet montore."
Nuli dakgenggem dhuwit atusan ewon rong lembar karo daksalami tangane rada suwe minangka tandha pamatur nuwunku sing wus ngawiyakake/nyêlèkake mripat batinku, mendah seprana iki kita tansah marem lan mongkok yen bisa nganyang mring bakul cilik sing uripe kurang begja sacara ekonomi lan sarwa pas-pasan.
"Lho Mas,.. napa niki?! yatrane kekathahen Mas!!", celathune.
Dakwangsuli lirih, "Mangga puntampi kemawon, kula eklas kok Pak, kangge biantu mbayar sekolah putrane".
Gentenan, Bapak sepuh iku sing ora bisa ngomong apa-apa lan katon satetes eluh bening ndlewer ing pojok mripat sepuhe.
Akeh obrolan kang ora daktulis, wus dakrasa cukup aku oleh tuladha becik saka obrolan kasebut.
Sajroning laku mbacutake tumuju udhik, aku samontor ngicipi kripike mau, wahh... jebule ya enak tenan 👍 ora kalah karo kripik kemasan perusahaan gedhe sing saprene didol ing Super Market.
Dhuhhh.... Gusti, Paduka sampun manggihaken kawula kalihan Guru enggal sang Bapak sepuh punika.
Eliding crita kang bisa kapethik :
*. Aja banget-banget olehe nganyang marang bakul cilik ing warung-warung pasar, kasumurupana dene kabeh wong-wong bakul mau sejatine iya mitra kadang kita sing kurang kabegjane sacara ekonomi, kanggo mangan dina sesuke bae kudu nyambut gawe dhisik ing dina saiki.
*. coba digagas, yen Bapak sepuh mau sedulur kita utawa malah Wong Tuwa kita dhewe, kepriye jal?!
Samene dhisik, kasigeg crita sing bisa daktulis, muga bae bisa mujudake patuladhan lan pitutur pandome urip bebrayan ing tengahing masarakat. Kaajap para pamudhik ing kampung yen blanja nang pasar utawa ing tukang sayuran aja nganyang nemen-nemen, eling para bakul sayuran kasebut uga duwe rasa lan mbutuhake rejeki, anak bojone ngenteni nang omah mbutuhake dhuwit kanggo nyukupi kapreluan saben dinane.
Yen arep nganyang bisa ing super market, nunggu diskonan akhir tahun.... heemmmm ngarep dotcom ... hehehee 🤪🤪😝
Sugeng mengkeraken Warsa Lami 2024 ingkang kebak pangangen manis, lan Sugeng mapagaken Warsa Enggal 2025 kang kebak tangtangan lan pambudi daya. Mugi Gusti tansah nuntun lan anjangkung lumampahing anggen kita ngayahi darmaning gesang kita sowang-sowang. Mugi rahayu kang dumadya.... A_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, ngener pantoging warsa, 301224
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
sorogan : kadudud lan karingkes saking seratan ing WA grup, duka sinten ingkang nyerat sepisanan (matur nuwun 👏)
Komentar
Posting Komentar