NYENYAMAHAN KAORMATAN WANITA DENING PRIYA TUNADAKSA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1QwjhtWgpS/?mibextid=oFDknk
Kaprungu kabar yen ana palanyahan lan nyenyamahan kaormatan wanita (pelecehan seks) dening priya tunadaksa (cacad laire) marang mahasiswi, masarakat digawe kaget! Kok bisa ya ngatase pawongan ora sampurna ing anggane ora duwe tangan tumindak nistha nyenyamah?
Ananging, miturut salah siji Komisioner Komnas Perempuan, pangertene masarakat bab nyenyamahan seks klebu pangrudapeksa seks cara olehe nyawang kurang jembar, mung disawang saka kacamata laire wong normal bae.
Nyenyamahan seks kayata pangruda-peksa (pamrakosan seks) ora mung winates hubungan badan bae ning bisa uga liwat cangkem kanthi meksa mawa ngancam-ancam.
Pangruda-peksa bisa uga katindakake migunakake barang-barang utawa angga/awak liyane kayata sikil.
Malah bisa uga si plakone meksa kurban nyekseni pidio utawa photo intim nyebarake wirang/aib.
Utawa bisa uga tumindak nggrayangi, ngusap-usap bagean badan kang wadi tanpa pasarujukan si kurban, kabeh mau bisa sinebut nyenyamah seks.
Sing penting klebu tumindak pamrakosan yaiku samangsa datan ana pasarujukane si kurban.
Kaya mangkono iku miturut panemune salah siji Komisioner Komnas Perempuan.
Saiki kari ngenteni pamriksan lan panyidhikan pihak pamong ukum bisa orane nangani sacara adil bab iki.
Kita warga masarakat yen nyemak bab iki, bisa gemes, gregetan lan getem-getem marang sang pamrakosa iku, apa maneh yen kabare kurbane ora mung mahasiswi siji bae, nanging jare kabare wis ana 15 wanita (bisa luwih) sing dadi kurbane... Wuihh! babo-babo si plakon kok ya tega-tegane kamangka dheweke iku duwe kawinatesan pisik (disabilitas) ora duwe tangan! Kepriye nalare kok bisa ya? Iku pitakonan sing temtu mbulet ing alam pikire para pamiyarsa. Ing tengahing masarakat uga ana sing duwe rasa mesakake, lha ya klebu wong kang duwe kekurangan pisik kenapa kudu urusan prakaran ukum sing ngrusak moral... heemm apa tumon!?? aeng-aeng ae!!?? 😇🫡
Kep Subdit Remaja Anak dan Wanita (Reknata) IV Ditserkrimum Polda NTB nyebutake panetepan dadi kapanduga (tersangka) wus lumaku ing langkah dawa lan sadalan karo tatanan kang gumathok. Yaiku nyebut lan nyawiske rong alat bukti lan katrangan limang seksi lan rong seksi ahli.
Ing UU Tindak Pidana Kekerasan Seksual si plakon bisa dipidhana.
Mangga kita tunggu babak kawusanane prakara kang nyedhot kawigatene masarakat akeh (lagi viral), apa bener-bener bisa netepi rasa kaadilane masarakat ora pilih asih ing kacamata ukum... mung Allah kang ngawikani! Wallahualam!
Mugya kasinungan dalan kang becik dhewe kanggo ngrampungake prakara iki sing gawe judhege wong akeh.
Salam rahayu kang tinemu.. Gusti amberkahi... Aa_Aamin! A_amin 🙏
JM, gagat bangun , 151224
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Kadudud, karingkes lan rinakit saka sumber pawarta :
Komentar
Posting Komentar