UMYANG UMYUNG (Gumuruh) 🇮🇩⚽️⚽️⚽️🇮🇩
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/kUYfRU3kp23sv2kT/?mibextid=oFDknk
Lamun dak sawang, dak jingglengi
swarane tipi nggiyarake warta-warta kang gawe semplahing ati.
Ing ngendi-endi ya mung martakake iku-iku bae
salin kanal lha ya sami mawon?..
Dak tinggal ngliyep, tangi-tangi kok ya ora ana bedane
panggah ora ana bosen-bosene.
Apa iki sing kaaran lelakone urip sing katrawang ing jagading maya?
salin wektu ganti dina tetep panggah datan owah gingsir.
heemmm...
cukup kasigeg ... njur tipi dak pateni ...
eee... lha kelingan yen dina iki mengko ana tandhing bal-balan...⚽️⚽️
Remot dak tutul maneh ... byar.. urip tipine.
"Horeee.... garuda mudha menang!"
mak gregah melek meneh.... 😳
Wah wahh... ing layar kaca katon para pamirsa umyang umyung padha lunjak-lunjak
ngobarake 'yel-yel' kamenangan!👍⚽️⚽️⚽️⚽️🇮🇩🇮🇩
Semangat! Semangat! 👍🇮🇩
JM, lingsir sore, 29924
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar