JERITING KAWULA ALIT
kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/cvtxNkPjPaxEs67H/?mibextid=oFDknk
Pårå pandhegane politik pådhå rayahan ati
kang dirayah gêdêbugan bêngak-bêngõk napaki panasing ratan.
Angudi nasibing kawulå alit amrih bisoå tansah kêmêluk kukusane
kabagyan kang disêdya ing têngahing prahårå politik.
Pangudine mring prå pangupå jiwå alit datan kêndhat
prå pandhegå politik gyak amburu swårå
yå swaraning kawulå alit kang pådhå anjêjêrit
amrih bisoå olèh swårå golèk sangu kanggo maju tandhing kursi gubêrnuran.
Diklawan sêsidhêman anyêbar dluwang rupiah
Politik uang...politik uang... wus dadi gamane maju prang tandhing....
Nadyan kêpêkså wurung maju prang
kothak kõsõng kang mèlu tandhing..ngg..
........
Åpå yå kuwi sing kondhang arane dhemokrasi
prå kawulå alit têtêp anjêjêrit
Åpå yå kuwi sing diarani korupsi
prå eliting politik ongkang-ongkang numpuk kasugihan angrayah brananing nagårå ??
JM, lingsir kulõn, 02924
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar