TUMRAPING KABECIKAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/vBSLM2vYg7iHqmKh/?mibextid=oFDknk
Ana ibu2 lagi nyoba nglelantih putrane turu dhewe. Ibu mau nurokake putrane ing peturon karo ngesun pipine, njur mateni lampu kamar. Nyumurupi yen peteng anak iku nangis bengoki ibune. Si ibu mendel bae, si anak ngira yen ibune ora mireng tangisane lan ora nresnani. Kamangka ibune ana ing cedhake kono, sang ibu ngumpet ing kamar sisihe. Rasa kaibuane kadereng krungu tangisan anake daya-daya kepengin ngeneng-ngeneng. Ananging tumraping kabecikan kanggo si anak sang ibu ngempet ndelik ing kamar sisihe mau.
Ing crita mau ngandhut piwulang mangkene : ...ana ing ngendi Gusti Allah nalika kita lagi ngadhepi kahanan sing abot?
Kenaapa Panjenengane ninggal kita? Nalika ombak gedhe nerjang perahu kita, para abdi duweni ujar :" Gusti kadospundi Paduka negakaken kawula sadaya katiwasan?"
Kenaapa Panjenengane kaya-kaya negakake para umate ngadhepi kahanan kang abot?
Coba elinga janjine Gusti : "Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar" (Ibr 13:5)
Salah sijine alesan kenapa Gusti Allah "ndelikake" saka ing kita amarga Panjenengane ngarsakake supaya kita ajar mracayakake marang Gusti, Panjenengane ngarsakake supaya kita bisa tepung Panjenengane minangka Bapa kang tansah njangkung lan ngayomi gesang putrane (kita).
Rikala kita ana satengahe kakuwatiran lan was sumelang, Panjenengane mireng sesambat kita lan anggatekake, minangka Sang Bapa ngraosake kaperihan ati kita. Dene yen ta Panjengane durung maringake, ora kok amarga Panjenengane nyingkuri kita ananging Gusti ngersakake kita dadia diwasa lan pracaya Panjenengane.
JM, minggu enjing, 15924
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar