ILAT PERANGANE KENDHALI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/PFCxEx7dwfUbmBix/?mibextid=oFDknk
Sawijine jaran lamun padha kita etrapi kendhali ing cangkeme, satemah manut marang kita, kita bisa ngendhaleni badane jaran iku.
Lan mangkono uga, prau-prau, kapal sanadyan gedhe banget sarta disurung dening angin kang banter, ewasamono kena kainger-ingerake sarana kemudhi kang cilik banget, manut ing sakarepe jurumudhine.
Dene geni iku sanadyan mung sapelik bisa ngobong alas kang gedhe.
Mangkono uga ilat, sanadyan dadi perangane badan kang cilik, ewadene bisa gawe umobe prakara-prakara kang gedhe nganti mbulat-mbulat.
Ilat iku kadidene geni, prasasat jagading kadurakan dununge ana ing antarane peranganing cilik badan kita iku, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita.
Mulane iku, obahing ilat kairing karo obahe lathi (lambe) prayoga tansah kinendhaleni, dingati-ati murih aja nganti ngobong swasana bebrayan kang wus dumadi sarwa edi peni ing tengahing kulawarga, masarakat lan sabangsa.
Rahayu kang sarwa tinemu
bagas saras kang linaras.
Para sanggya kadang kang kinasih
mugya berkahing Gusti tansah rumuntuh mring kita umating kinasih.... Amin Aminn 🙏🙏
JM, parak esuk, 29924
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar