😜 SARWA-SARWI LELAKON ING WARTEG 😝
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/6XUrQcZDJEZVwu6V/?mibextid=oFDknk
Ana wong lanang wuta 😎 mlebu ing sawijining Warteg -warung Tegal-.
Sarmin sing duwe warteg ngrangkep sing ngladekake ngelungake daptar masakan warunge marang wong sing arep jajan jenenge Darmo,
Darmo clathu, "Aku wong wuta 😎, mesthine ora bisa ndeleng daptar masakan tulung gawakna sendhok tilase wong sing bar jajan ing kene lan arep tak ambune 🥱, ben aku mengko bisa ngerti masakan apa sing enak sing arep tak pesen"
Sarmin, : "Oo nggih pak... sekedhap"
.... bacute, "niki pak sendhok tilas tiyang jajan wau..!"
Si Darmo njur ngambu-ambu sendhok iku 🥱, "Ya wis, aku pesen pepes iwak mas lan sayur asem".
Kanthi rada kaget si Sarmin nyathet pesenane ✍️.
Masakan iku pancen sing dadi andhelan warung kekaremane para tamu-tamu warunge.
Sawetara dina candhake ing kapindhone, si Darmo teka meneh nang warung iku.
Sepisan maneh dheweke njaluk sendhok tilas mangane tamu liyane nedya arep diendhus ambune, nanging dudu tilase mangan pepes lan sayur asem. Kabeneran anane mung sendhok siji tilase mangan masakan liyane.
Sawise ngendhus ambune sendhok 🥱
Si Darmo ujar : "Ambune sendhok iki enak uga ya, kayane bar dianggo mangan ayam panggang, lalapan lan sambel trasi".
Sarmin nyarujuki karo manthuk, njur si Darmo pesen masakan iku.
Kacarita, si Darmo teka meneh kaping telune ing dina candhake. Dheweke teka luwih gasik durung ana tamu jajan sing teka, mulane durung ana tilase sendhok sing bisa diwenehke mring Darmo.
Sanalika si Sarmin duwe akal-akalan jail aliyas usil. 😜
Sarmin nyedhaki bojone ing pawon sing dadi tukang masake karo ngelungake sendhok.
Clathune Sarmin, : "Ningsih.., usapna sendhok iki ing kelekmu ya!" 😝
Lha ya mesthine Ningsih kaget, "Lho.., Yak apa kih kang, apa tumon sampeyan iki..?"
Wangsulane Sarmin, "Wis ta.., manuta bae.., bene kanggo gawe larise warung kita iki!" 🫠
Ningsih ya manut-manut bae, njur ngusapake sendhok iku ing keleke 🤔 lan ngelungke meneh mring Sarmin bojone.
Sendhok iku dening Sarmin nuli digawa diwenehke menyang si Darmo sing lagi lungguh ngenteni.
Sawise si Darmo ngendhus ngambu 🤭 karo cengar-cengir 😗😋, njur nepuk bathuke dhewe.., si Darmo unjal ambegan katon kaget, nuli ujare setengah gugup :
" Hahhh... tilas dhemenanku nyambut gawe ing warung iki ya!...??." 🥰😍
Si Sarmin sanalika klepek-klepek lemes semaput..! 😵🤯.... lha piye jal rekake arep akal-akalan njaili si Darmo, malah dheweke kaget kena usile dhewe.... heheheheee... 'senjata makan tuan!' 😝🤪
AYO MESEM, KANGGO NAMBAH IMUN..! 🤣😄🤪
JM, madya ratri, 200924
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar