Postingan

Menampilkan postingan dari 2019

WARSA ENGGAL

kaunggah uga ing :   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2559602450985543&id=1684548218490975 Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami, gya napaki panjangnya warsi enggal puniki, nadyan tan saged nujweng momotan myang kabegjan, wit sih rahmate Gusti kita samya basuki. Saben mangsa tinata manut ing lampahira, swau pepanggihan samangkya kita pisahan, nging tan sande tansah nyawiji nunggil ing Gusti, wit sih rahmating Gusti kita samya basuki. Kluhurna Hyang Makwasa kang langgeng kasetyannya, ing warsa enggal niki nggih mesthi tansah mberkahi, mung karaharjan sanyata ngiring lampah kita, mila tan kendhat memujia mbangun turut mring Gusti.   SUGENG MANGAYUBAGYA WARSA ENGGAL Cbn, poncoting warsa '19          dening eNPe

ECULNA MOMOTAN URIPMU

  kaunggah uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2546951495583972&id=1684548218490975 Kuldi sawijining kewan klangenane juragan sugih kacemplung luwangan kang jero banget. Sang Juragan kangelan anggone nedya ngentasake metu kuldine, nganti nora preduli iba rekasane nyoba bala-bali. Saking judhege dheweke netepake ngurug lan ngubur bae urip-urip. Lemah wiwit kaurugake nang luwangan iku. Kuldi krasa kurugan lemah, njur ngegos-egosake awake supaya lemahe bisa jugrug ora nibani awake lan midak ing sadhuwure lemah sing wis jugrug mau. Mangkono sateruse lemah kaurugake, kuldi ngegosake awake, lemahe jugrug ngiwa nengen kuldi mlangkah maneh midak sadhuwure jugrugan lemah. Suwening suwe lemahe saya dhuwur sing bisa dipidak kuldi, si kuldi uga saya dhuwur midak lemah jroning luwangan iku. Ndungkap madya raina, kuldi iku bisa munggah metu saka luwangan, njur nggayemi mangan suket ing tegalan sacedhake kono. Para kadang sutresna PBJ, sawuse kita  ngegosake...

LELAKONE URIP

  kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2545925709019884&id=1684548218490975 Ana bocah lanang umur kira-kira 24 taun nunggang sepur karo bapake. Dheweke ngulatake manjaba banjur ujug-ujug mbengok, "Bapak, pirsani pak.., uwit-uwitan kae padha mlaku ya!" Bapake mesem, ananging ana sapasang nom-noman kang lungguh ing cedhake, ndelokake karo rasa melas mring saparipolahe cah lanang iku kok kaya bocah cilik. Keprungu maneh cah lanang iku bengok seru, "Bapak mega iku katon mlayu ngoyak kita!" Pasangan nom-noman iku nora bisa ngempet rasa risi njur clathu menyang bapake si bocah lanang iku., "Punapa panjenengan boten mbekta keng putra dhateng dhokter ahli jiwa?" Wong tuwa iku mesem, njur ujar, "Aku wus nggawa nang dokter, lan nembe mulih saka Rumah Sakit. Anakku wuta wiwit lair, dheweke lagi bisa oleh panjurung (dhonor) mripat lan dina iki lagi bisa ndeleng." Mak plenggong nom-noman iku kaget lan kisinan. Saben...

PANGRUMATING ALLAH

  kapacak uga ing :    https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2543318049280650&id=1684548218490975 Manungsa ing pedinane datan kendhat saka ing pakarti kang ajeg lan kadhang kala ndadekake bosen. Sapa bae kang umyek ing gawean kang kudu diayahi bisa gampang kamomotan lungkrah lan bosen. Nora bisa diselaki dene ana saperangan wong kang nora kuwat ngupaya nyingkuri tanggung jawab amarga bosen. Nora ana kaendahan kang bisa dirasakake. Rasa-rasane kabeh sarwa cemplang ngudaneni ing saben dinane. Sajrone ana ing Sih Karahayoning Gusti Allah kang tinampa, kita bakal pinaringan kekuwatan nglakoni samubarang saturut karo kersane Gusti. Apa bae kang kita adhepi sarwa kabeneran lan sarwa entheng sanggane. Krana iman kapracayan kita, samubarang kang kita adhepi nora bakal sumpek lan peteng ana ing pangrasaning nala. Awitdene Gusti datan ana sathithika ninggalake kita, ananging kita tansah ana ing pangrumating Gusti Allah. Rahayu kita dene tansah kasinungan Sih R...

MANGANGGO TOPI

  kapacak uga ing :    https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2539387986340323&id=1684548218490975 Ana wanodya papat diulemi ing sawijine pista. Kabeh nembe ngrembug topi kang arep dianggo. Wanodya sepisan, "Aku arep manganggo topi warnane soklat kadya warna rambute bojoku." Wanodya kapindho nyauti, "Aku tansah milih topi warna ireng laras karo warna rambute bojoku kang ireng njanges alami." Wanodya katelu nora gelem kalah, "Aku arep manganggo topi putih warnane, ya maklum bojoku wis mabluk uwane..." Giliran wanodya kaping papat, isih meneng bae.., sajake isih bingung.., rada gojag-gajeg wusanane urun rembug uga, "Heemm..., aku pilih ora nganggo topi ahh... " "Apa?!!..ora nganggo topi?", meh bebarengan telu-telune wanodya iku takon. Wangsulane wanodya kaping papat, "Iya..., ngapurane ya..., bojoku plonthos alias gundhul!" karo cengar cengir ndhingkluk. Hehehe... ing tengahing pasrawungan yen ana kang ...

BOCAH LUHUR BEBUDENE

  kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2538957666383355/ Ana ibu-ibu isih enom lagi satengahe nyopir dumadakan sirahe ngelu sesisih (lagi ketaman migrain) nginggirake montore. Mandheg sedhela karo ngenteni sirahe ilang rasa nyut-nyut sinambi ngeningake pikir kanthi nyawang sakiwa tengene. Dumadakan kaca montore dithothok-thothok dening bocah lanang cilik kira-kira umur 11 taun. "Bu... ibu badhe parkir? Kula rencangi ngabani parkir montore nggih?", clathune bocah cilik iku. "Oh.. ora usah ya, aku arep ngaso sedhela!.", wangsulane si ibu mau. "Menawi ngaten punapa ibu kagungan yatra 2000 rupiah?", pitakone bocah cilik iku. Gandheng si ibu iku nora gelem diganggu maneh, si ibu iku enggalan menehi dhuwit rong ewu, karo mikir yen bocah cilik iku nedya njejaluk mawa ngemis. Banjur si ibu iku nyawang migatekake bocah cilik iku, katon bocah iku nyedhaki bakul gorengan tuku gorengan. Gorengane njur diwenehake bapak tuwa sing ...

TISU diganti AMPLAS

.. kaunggah uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2536373096641812&id=1684548218490975 Si Jon nembe bae ditampa nyambut gawe ing toko klonthong. Dina sepisanan olehe nyambut gawe, sing duwe toko nitipake tokone marga ana kapreluan. Nalika mulih sing duwe toko takon menyang si Jon apa sing ditandangi ing dina iku. "Kalawau wonten ingkang dhateng pados sabun 'X' Pak. Nanging amargi kita boten sade sabun 'X', piyambake wangsul." Kang duwe toko, "Jon.., Jon.. Kudune nora ngono kuwi carane dodolan. Yen ana sing teka golek sabun "X", kowe kudune nawakake sabun cap 'Y",  'Z' utawa liyane. Dadine yen kita nora duwe barang sing ditakokake kowe bisa nawakake barang kang memper utawa sajinis." Esuke  dina candhake .... ana wong sing teka nggolek tisu , "Pangapunten, boten gadhah tisu, nanging kula gadhah kertas amplas", ujare si Jon. Hehehe... apa tumon !!?? JM, lingsir wetan, 101219       ...

PITUTURE PIYAYI SEPUH

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2535372993408489&id=1684548218490975 Ana piyayi kakung sepuh arep nunggang bis, nalika bapak sepuh mau mancad rolak bis, sepatune sesisih copot lan ceblok nang ndalan. Nora let suwe lawang bis ketutup lan bis enggal mlaku, nganti bapak sepuh iku nora bisa njupuk sepatune sing copot mau. Kanthi kalem bapak sepuh iku nyopot sepatune sing sesisih njur mbuwang metu liwat jendhela bis. Bocah kanoman kang lungguh cedhak bapak sepuh mau meruhi kadadean iku pitakon marang bapak sepuh iku. "Kenging punapa Bapak kok mbucal ugi sepatu ingkang sesisih?" Si bapak sepuh karo mesem mangsuli entheng, "Supaya sapa bae kang nemokake sepatuku bisa migunaake, iku sepatu isih anyar lan apik. Aja nganti sepatuku sesisih kelangan pasangane. Sepatu iku mujudake rewang sapasang kang elok dhewe!" Coba pigatekna : Wujude pasangane rak nora padha pleg nanging trep cocok. Nalika dianggo mlaku, obahe bisa beda kiwa...

PROFESOR PIKUN

 kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2534835680128887&id=1684548218490975 Profesor ing ngarep kelas : "Yen ing antarane kowe ana sing nora seneng karo kuliah iki, Metua kapan bae sakarepmu"  30 menit candhake, siji mbaka siji mahasiswa padha metu nganti amung kari siji kang isih lungguh ing bangku. Sawuse rampung, sang profesor celathu, "Matur nuwun kowe isih gelem ngrungokake kuliahku" Wangsulane sing isih keri iku, "Boten punapa-punapa pak, kula rak sopir bapak." "Dhasar profesor pikun!"..., gremengane si sopir... JM, madya ratri, 91219             eNPe kadudud saking : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10220911506686439&id=1503470400

GUNG PAKARYANING GUSTI

 kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2533672310245224&id=1684548218490975 Duk nyipati gung pakaryaning Gusti lintang abyor ing ratri kang sepi, gumleger gludhug kapyarsi ing akasa, kula ngungun gunging kamulyanta. Lamun siniram sumiliring samirana sesekaran dalasan woh-wohan. gandanira arum angambar-ambar ngunguning tyas anumusi bingar. JM, madya ratri, 81219             eNPe

ANGAKONI KALUPUTAN

  kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2533246086954513&id=1684548218490975 Salah siji tumindak kang nora gampang disingkuri yaiku kepriye bisa ngrumangsani kaluputane lan gêlêm angakoni kaluputane. Kamangka nêtêpake bisa ngakoni ing tumindak luput ya luput mring apa bae iku mujudake tumindak kang pinuji. Gêgandhèngan karo bab ngakoni/ngrumangsani kaluputan, kadidene ngadhêpi pilihan antarane liwat dalan loro, dalan sepisan sinêbut nyelaki, dalan kapindho sinêbut blaka/jujur. Dene milih dalan nyelaki kaluputane kanthi golèk-golèk alêsan, bisa-bisa njlomprongake awake dhewe, amarga kanthi nyelaki wong ngupaya nutup-nutupi bukti kaluputane mawa maneka warna cara, bisa goroh, gawe pitênah, mbêsêli malah tega mêmatèni. Dene milih dalan blaka/jujur apa anane nora kok bebas saka njalarine, nanging ya têtêp nampa njalarine, marga sacara ukum ora bisa diselaki, mung bae bisa olèh pangaksama utawa nyuda paukumane. Kaprayogaake bisoa ngrumangsani ...

SACANGKIR KOPI

 kaunggah uga ing :   https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2532580210354434/ Sajrone acara pul kumpul, saperangan para wetonan pawiyatan sowan nemoni bapak gurune. Swasana gayeng kae padha nyritaake uripe kang sarwa moncer ya ing pagawean ya urip pribadine. Ana sing dadi direktur BUMN, ana sing dadi direktur Bank, juragan sugih, dokter, arsitek, konsultan lsp. Mirsani para muride mau bapak guru enggal tindak menyang pawon saprelu mundhut sateko kopi panas lan saperangan cangkir sing beda-beda wujude, ana sing seka kristal, beling, keramik, melamin lan plastik. "Wis.., wis... ngobrole kandheg dhisik. Iki bapak wus nyawisake kopi kanggo kowe kabeh", ngendikane bapak guru. Meh bebarengan, para murid rebutan milih cangkir kang apik dhewe sing bisa kacandhak. Wusana ing meja ana sing keri siji yaiku cangkir plastik elek dhewe wujude. Sabanjure, sawuse kabeh padha nggujengi cangkir dhewe-dhewe, bapak guru wiwit ngecurake kopi panas saka teko sing wus kacawi...

PANGLUWAR SEJATI

   kaunggah ing uga fb : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2530965347182587/ Pangluwar kang sejati, myarsakna pasambat kula. Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya. Gusti mugi rah Paduka nucekken manah kawula Temah suci saestu tuwin sirna najis ing kalbu. Suci sestu, suci sestu, saking berkahing Gusti sinung yekti saestu. JM, madya raina, 51219              eNPe

TUHU TRESNANE BAPAK

 kapacak uga ing   https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2521525574793231/ Saka jero kamar keprungu bapak bola-bali watuk. Aku putrine wedok lan ibu nembe jagongan ngobrol. "Nduk ngertia iba tuhu tresnane bapakmu marang sliramu, nanging luwih akeh kasimpen jroning penggalihe marga sliramu cah wedok", ngendikane ibu. Krungu kaya mangkono aku bingung lan gumun banget. "Rikala sliramu mbacutake kuliah menyang Jakarta, ibu karo bapakmu ngeterke nang stasiun, sliramu lan ibu rangkulan. Bapakmu mung nyawang bae, bapakmu ngendika sakjane ya kepengin ngrangkul awakmu, nanging jare minangka piyayi kakung nora tata ngrangkul anak wedok nang ngarepe wong akeh mulane bapakmu mung nyalami tanganmu njur jumeneng nganti sepure ora katon", ngendikane ibu. "Ibu pancen kerep nilpun awakmu, ning ngertia nduk iku kabeh bapak sing dhawuh ngelingake". Kenapa dudu bapakmu dhewe sing nilpun? Bapakmu ngendika, "Suaraku nora alus lembut kaya suaramu, anak ki...

TELUNG JINIS USADA

Gambar
  kaunggah uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2518337928445329/ Ana sawijining piyayi kakung sepuh kang sugih brewu ketaman lelara ndrawasi nora bisa diusadani. Rumangsa yen uripe nora suwe maneh dheweke banget olehe kuwatir. Dheweke nyoba nyambangi tabib sing kondhang. Sawuse mriksa keduting nadhi, sang tabib ujar, "Lelara kaya ngene iki nora ana usadane, ananging ana sawijining cara, iki dak wenehi 3 jenis resep. Mengko bukaken resep iku lan lakonana kadya apa kang katulis ing resep iku. Welingku kowe kudu ngrampungake dhisik resep kapisan banjur kena bukak resep candhake miturut urutane ya." Sawuse tekan ngomah, wong sugih mau enggal bukak resep kapisan kang surasane tinulis, "Menyanga ing pinggir segara (pesisir), ngglethaka klekaran suwene 30 menit saben dina sajroning 21dina." Wong sugih iku bingung, ning tetep bae dilakoni pesene sang tabib. Saben dina dheweke budhal nyang pesisir lan turonan sadhuwure pasir kurang-luwih rong...

MAKNANE SIH-KATRESNAN

 kaunggah uga ing :    https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2516764991935956/ Sapa bae butuhake diasihi, ditresnani, nanging nora mesthi saben wong mangerteni maknane asih-katresnan. Asih durung mesthi agawe senenging ati kita, pipi semu abang lan mripat dadi blalak-blalak karo kebak esem. Sih-katresnan kang sejati bisa uga gawe sedhih lan tangis, ati kuciwa lan nora sethithik bisa malah ndadeake muntap kanepsone. Kayadene pasemon kang surasane : "Wong kang amung lelamisan nresnani iku bakal menehi madu lan racun. Ananging wong kang kanthi tulus angasihi kowe kadidene menehi bratawali sing pait rasane nora kok senengi" Bratawali yaiku sajenis tanduran dening para kadang kita ing Indonesia Wetan dianggo obat herbal rasane pait banget nanging bisa mulihake lelara kanthi rikat. Werdine pasemon mau mratelaake dene Sih-katresnan kang amung lelamisan bisa njlomprongke, dene Sih-katresnan kang sejati bisa bae rasane pait ananging bisa njalari segering jiwa....

KAPRIGELAN MEMULANG

  kapacak uga ing :    https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2503609379918184&id=1684548218490975 Rombongan kanoman lagi padha nekani pahargyan ningkahane kadang. Ing salah sijine kanoman mau meruhi gurune SD. Bocah murid iku nyedhaki gurune nyalami kanthi ormat, klawan matur : "Punapa Bapak taksih kemutan kalian kula pak?" "Ora!", wangsulane gurune. Si murid gumun : "Oh makaten pak, kok bapak guru ngantos boten kemutan kula nggih? Kula rak murid ingkang nyolong jam tangan salah satunggaling kanca ing kelas." "Lan nalika lare ingkang kecalan jam tangan muwun, Bapak guru dhawuh para murid sadaya ngadeg jalaran badhe dipun gledhah ing kanthong para murid." "Kula mikir dene Bapak badhe damel lingsem kula ing sangajenging para murid lan guru-guru, ingkang wusananipun damel poyokan sadaya badhe ngecap kula sawijining pandung/maling temahan gesang kula saged risak salaminipun." "Rikala samanten bapak dhawuhi para mur...

KETIGA SALAH MANGSA

  kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2502205673391888&id=1684548218490975 Nabastala lelimengan mendhung.. amung tansah gawe bingung.. pra jalma ing salumahe wasundari.. angantu tumetesing warih anelesi bantala.. sasambat anglentrih ketiga salah mangsa. Tumungkul nyadhong palimirmane Sang Hyang Wisesa.. gemleger kaprungu ing akasa.. agawe gumetering dhadha.. nanging gawe anylesing hawa.. galengan sesawahan kumricik toya. JM, dungkap esuk, 71119      rinakit dening eNPe

RESEP 99

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2500633216882467/ Ana sawijining sudagar sugih raja brana omahe magrong-magrong kadya kraton ratu. Esuk-esuk sang Sudagar katon nglamun karo ngematake petamanan kang peni ing pakarangan ngarep omahe. Dheweke sajak bingung ora jenjem amarga ora nate ngrasakake katentreman lan angel banget tinemu ing karahayon jroning uripe. Wiwit mundur kesehatane nganti krasa angel bisa sare sajroning ngaso amarga akeh pikiran kang nggubet. Kamangka ngaso ing kamar kang sarwa wah dipiranteni mesin panyeger hawa lan mawa kasur empuk. Ing satengahe nglamun.., Sang Sudagar meruhi tukange kebon sengkut olehe nyambut gawe karo mesam-mesem suka rena. Saben dina dheweke teka kanthi kebak esem lan mulih kebak suka rena. Kamangka bayarane amung pas-pasan banget lan omahe gubug ora kopen. Nanging praupane ora nate ngatonake kasedhihan. Sawuse mulih tumekane omah si tukang kebon wus kabageake dening kulawargane kanthi cumepak s...

NGASAH PANGELING-ELING (NEDYA NGLAWAN KELALEN)

  kaunggah uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2490971494515306&id=1684548218490975 Ing satengahing sore aku lan kadangku loro nggleyeh kuwaregen ing sawijining warung pojok kampung. Piring-piring tilas madhang wus kosong samono uga gelas-gelas lan botol-botol. Salah sijine kadangku nyumet rokok nedya udud njur kita wiwit ngobrol ngalor ngidul. Maune obrolan bab kedadean ing pedinane, bab gawean, kekasih, panjangka ing tembe (cita2 bs.Ind) nganti ngrasani kadang liyane. Obrolan tambah gayeng tumeka bab kang rada abot yaiku kadadean kakisruhan wulan Mei 1998. Rikala kadadean iku kita wong telu umure nembe watara 7 nganti 8 taun. Kancaku ambage sacuil pangelinge. Dheweke nyritaake dene ibune kang nyambut gawene ing tengah kutha dhaerah Sunter Jakarta kepeksa kudu mlaku mulih dununge ing Halim lewat dalan tol ing satengahe kakisruhan ing ngendi-endi. Samono uga aku nyaritaake, nalika iku sing dak eling ing televisi kawartaake kadadean obong-obon...

BAITA BANGSA

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2488958088049980&id=1684548218490975 Wus dugeng kang kaantu.. pangombyong wus kebak.. sang nakodha aba priittt.. palwa enggal lumampah ngener.. tumujweng dalan kang bener Baita ya palwaning bangsa.. para pandhega kang kapiji.. mituhu dhawuhe sang nakodha.. sengkut tandang gawe.. ngrampungake tanggung jawabe dhewe-dhewe Eling aywa mlenceng paugeran wus gumelar mlaha.. cancut taliwanda sengkut ing pakarya.. kawulaning bangsa anyengkuyung nyadhong samya.. datan kendhat asung pepuja.. Gusti paring nugraha mring kita sabangsa JM, lingsir wengi, 241019         dening eNPe

JUMENENGAN PANDHEGANING NAGARA

Gambar
  kapacak uga ing :     https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2484959321783190&id=1684548218490975 Swawi kadang sabangsa.. sumyak sung puja.. ing dinten adya punika.. Samya giyak suka-rena.. wah agunging Sih katresnanNya Sampun prapti kang tinengga.. ari kang kebak nugraha.. Jumenengan pandheganing nagara.. Jokowi - Ma'ruf Amin piniji dening kawulanira.. kababar dadya pemimpin bangsa Asung pepuja mring Gusti kang Ma'Kawasa.. mugya pangauban Paduka.. anjangkung gesang nggennya nata nagara.. kalis sing rubeda lan bebaya.. andhahan lan kawula alit nyengkuyung samya Kadang kinasih mugya kasumuntaka.. endahing gung sih-rahmat kang Ma'Kawasa.. Mangga sayuk-sayuk rukun sesarenga.. ambangun praja murih mulyaning nagara.. tumujweng masarakat gesang mulya raharja MERDIKA! ✊ MERDIKAaa! ✊ bangsa Indonesia! ✊ JM, bangun esuk, 201019         dening eNPe

SABAR LAN EKLAS NGRUNGOAKE

  kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2483898088555980&id=1684548218490975 Ana ibu ndangu putrane sing isih 5 taun umure, "Yen ibu lan kowe pinuju dolanan bebarengan, njur padha ngelake ananging ora ana banyu, nanging jroning tasmu ana apel loro, kira-kira apa sing arep kok tindakake?" Si bocah meneng sedhela sajak mikir, banjur kanthi mantep mangsuli, "Aku arep nyakot apel-apel iku bu." Mireng wangsulan putrane, ibune katon gela sajak cuwa. Maune sang ibu menggalih kepengin enggal ngajari putrane kepriye kudune apa kang ditindakake, nanging sang ibu mendel bae nyoba bisa luwih sabar. Tumuli sang ibu kanthi alus ngendika karo ngelus sirahe putrane klawan asih, "Nak, ibu kepengin pirsa alesanmu, kenapa kowe nedya nyakot apel-apel iku?" Putrane kanthi blaka mangsuli apa anane karo cahyaning mripate katon mblalak bening sumorot, "Marga.. eemm.. marga aku kepengin ngaturi ibu apel sing luwih legi, mula dak cokot dhi...

KASUGIHAN SEJATI

  kapacak uga ing     https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2482686788677110&id=1684548218490975 Ana wong mlarat pitakon mring sang Dwija Wicak, "Kenging punapa Guru kula dados tiyang mlarat sanget lan tansah rekaos gesang kula?" Sang Dwija mangsuli, "Amarga kowe nora tau ngupaya menehi wong liya." "Nanging kula boten gadhah punapa-punapa kangge nyukani dhateng tiyang sanes", wangsulane si mlarat. Sang Dwija wicak ngendika : "Sejatine isih akeh sing kok duweni lan bisa kok wenehake mring wong liya." "Lhoo... punapa punika, guru?", si mlarat tambah bingung. Sang Dwija paring wangsulan, 1. krana Cangkem sing kok duweni, kowe bisa aweh eseman lan pangalembana 2. krana Mripat sing kok duweni, kowe bisa aweh panyawang kang nentremake 3. krana Kuping sing kok duweni, kowe bisa menehi kawigaten kanthi gelem ngrungokake pasambate wong-wong ing sacedhakmu 4. krana Praupan sing kok duweni kowe bisa aweh pitulungan...

EBUN ESUK

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2478243145788141/   Bacutna lakumu ing dalan kang becik / bener.., Senadyan kabecikan kala-kala ora kajen.   Aja sok mamerake awakmu mring sapa bae.., Amarga wong sing wus seneng awakmu ora mbutuhake, lan sing nyengiti awakmu ora bakal pracaya.   Urip iku dudu sapa sing becik dhewe.., ananging sapa sing bisa gawe kabecikan.   Aja gawe pedhoting paseduluran hamung jalaran sawijining kaluputan.., ananging lalekna kaluputan amrih bisa mbacutake paseduluran.   Lamun kita nampa kadurakan aja njur duwe pikiran piye carane males luwih gedhe, ananging pikiren piye carane males mawa kabecikan.., jroning lelakon tansah udinen mawa kabecikan nganti kadurakan suwe ning suwe sirna.   Aja lena hamung kok gatekake piye ujare wong liya.., jalaran wong iku ndeleng kahanan ing donya iki krana pangertenan lan pangalaman beda-beda.   JM, parak esuk, 131019     rinac...

*MUNTAB KANEPSON*

 Kaunggah uga ing fb  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2477404675871988/ Ana juragan ibu-ibu isih nom nyetir montor sedhan mewah tumuju jabaning kutha, tumekane enggok-enggok dalan dheweke weruh ana bis methukake saka ngarep, nalika wus papagan sopir bis iku nyetir tunggangane alon-alon njur karo mbengok, "SAPI..!" Juragan enom iku nesu rumangsa diina... banjur buka kaca jendhela montor mbales kebak kanepson, "Kurang ajar...!! Kowe sing SAPI..!!" Dheweke njur ngomel karo misuh-misuh (#panulis nwn sewu), "Sapi edan ora duwe uteg..!! Dhasar gembel..!!" Sabanjure si juragan enggal midak gas .... dumadakan nalika montore ngliwati enggok-enggokan candhake ana puluhan sapi gedhe mudhun saka pereng ngebaki dalan ... si juragan enom telad anggone ngerim montore njur bress... nabrak salah sijining SAPI... Katiwasan nalika arep ngupaya ngendhani sapi liyane, montore nggoling bablas kejegur jurang. Sejatine, si sopir bis bengok mau ora kok ned...

ANAK DURAKA

  kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2475087346103721/ Apa luputku? Aku sawijining ibu bale omah biasa. Umurku ngancik 57 taun. Aku randha anak 3, kabeh wus padha omah-omah . Sisihanku kapundhut 4 taun kepungkur. Nalika sisihanku pensiun saka perusahaan swasta, urip saka dhuwit pensiunan njur buka warung makan. Juru masake aku dhewe, awit jare sadulur-sadulurku lan kanca-kanca aku masakane enak. Lan asring aku nampa pesenan. Mula kanggo ngisi wektu aku buka warung makan ayam bakar. Esuk-esuk aku karo sisihanku blanja menyang pasar njur masak bebarengan. Aku sing mbumboni, garwaku sing bakar. Jam 9-nan wiwit ngladeni langganan. Endah banget nalika samana. Aku nyewa ruko lumayan rada adoh saka ngomah. Ya marga adoh cukup gawe kesel wira-wiri kanggone aku wong loro saumuran setengah tuwa. Apamaneh pelanggane sangsaya rame rancangane ruko arep dak tuku kanggo usaha lan omah. Regane ruko larang banget, aku lan garwaku sarujuk omahe diadol m...

KAJUJURAN ANGGAWA BERKAH

https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2471258083153314/ Salim tukang angon wedhus uripe sarwa kesrakat manggon ing gubug reyot karo pakne lan simbok ing desa sapinggire kutha. Pendhak esuk Salim nggiring wedhus-wedhuse ing tanggulan kali kang subur sukete ora adoh saka gubuge, mulihe sore sadurunge magrib. Sanadyan uripe kesrakat sarwa kakurangan, Salim duweni sipat mulya kang diwulangke wong tuwane wiwit cilik yaiku KAJUJURAN. Ya krana kajujurane Salim disenengi wong akeh, nganti ana wong sing sugih ing desane ngragati sekolahe tumeka tamat SMA. Sawuse tamat SMA Salim tetep urip ing desa ngancani wong tuwane sing wis umur lan lara-laranen. Awan iku Salim lungguh ing pinggir kali karo nyawang wedhus-wedhuse sing lagi nggayemi suket, kala-kala nyawang iline banyu kali. Dumadakan pandulune nyawang tumuju ing pojok iline kali sawuse dipigatekake jebul ana duren gedhene sasirahe kumambang keli. “Wow! Duren!...” Salim sanalika ambyur kali saprelu njupuk duren mau. Ora sran...

NARIK BECAK SINAMBI NGGENDHONG BAYI

Gambar
  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2469234023355720&id=1684548218490975 Iba nrenyuhake ati lamun nyumurupi ana tukang becak sing lagi narik becak sinambi nggendhong bayine ing satengahe panas ngenthak-enthak. Sapa sing tega mrangguli kadadean kaya mangkono? Kahanan iku bener-bener kadadean ing India. Tukang becak iku ngopeni bayine amarga bojone tilar donya sawuse nglairake lan nora ana sing nyanggupi ngopeni sang bayi. Ohh iba nrenyuhake banget. Tukang becak iku jenenge Bablu Jatav, 38 tahun. Dheweke kaparingan momongan bayi wedok dijenengi Damini sawuse omah-omah karo Shanti sajrone 15 taun. Pak Bablu ngojahake yen dheweke seneng lan muji sokur banget oleh kanugrahan bayi wedok, ananging nora bisa diselaki katon duwe rasa sedhih banget krana sang estri sing ditresnani  kapundhut sawuse nglairake. Gaweane pak Bablu nora liya ya hamung tukang becak ing kutha Bharatpur India, nora duwe sadulur kang bisa ngopeni bayine, mulane ora b...

TUMINDAK JUJUR

kapacak uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2467674476845008&id=1684548218490975 Ing sawijining wanci awan, wong tuwa tukang golek barang-barang buangan  lan plastik lagi ngayahi gaweane kaya adad saben. Dina iki si bapak tuwa mau luru barang-barang buangan kanthi mubeng kampung sing akeh pondhokane. Lha ya ta ing kono ana sawijining universitas negeri kang kondhang, mulane akeh pondhokan sumebar ing sacedhake. Si bapak tuwa iku ora akeh omonge, mripate jelalatan ngawasake ngisor mbokmenawa ana barang-barang buwangan kang bisa payu diadol. Ing sacedhake kono ana saperangan pondhokan jejer-jejer, sapa ngerti ana plastik lan barang-buwangan liyane. Nalika dheweke tekan pekarangan mburi pondhokan sing jejer-jejer mau, katon akeh plastik pating slebar. Dheweke wiwit ndhukir-ndhukir mawa tugelan wesi sing setya ngancani lan karung lungset semampir ing pundhake. Bener ing kana akeh buwangan plastik,  banjur si bapak tuwa iku meruhi ana sakanthong pla...

EKLAS ING TENGAHING PANGURIPAN

https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2465858443693278/ Gula kacampur kopi njur dicori banyu panas sinebut "kopi manis", ora kok njur jenenge kopi gula. Dadine ing kene gula ora kasebut. Gula kacampur teh njur dicori banyu panas sinebut "teh manis", ora kok njur jenenge teh gula. Ing kene uga gula ora kasebut. Ananging lamun kopine pait marga kurang legi sing diluputake sapa? temtune sing diluputake gula amarga gulane kurang akeh dadi kopine rasane pait. Kosok baline lamun kopine kelegen sing diluputake gula uga, marga gulane kakehan. Mengkono uga yen takeran kopi lan gula pas, sapa kang dialem / dipuji ..?, temtune kabeh padha ngalem "kopine manteeep!" ing kene gula uga ora dialem.  **Dadi gula iku kudu eklas!** Samono uga kahanan ing urip iki, KABECIKAN NORA NATE SINEBUT-SEBUT, ananging KALUPUTAN SEPELE WAE DADI RERASANAN WONG AKEH MALAH KANGGO JALARAN NGLUPUTAKE. Sumangga... sabar lan eklas sajroning ngadhepi kahanan urip! JM, s...

MANISING PANGUCAP

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2456740337938422/ Pasemon "manising lathi" ya manising pangucap nuduhake bab tetembungan utawa tumindak kang amung lamis. Apa kang diucapake kanthi endah/manis sejatine nora tulus jroning ati, nanging mung katindakake kanggo kapentingane dhewe upamane kareben oleh alem/pujian, oleh palenggahan kang misuwur utawa amarga hamung pekewuh mring pimpinan utawa kadang kang luwih dhuwur drajade. Tumindak kabecikan kaya kang wus kawetu ing pangucap manis sejatine luwih becik katindakake sawayah-wayah sepi ing pamrih. Ing jaman saiki, kabecikan kayadene manising lathi asring tinemu ing babagan poletik yaiku kanggo anggayuh panguwasa. Mula nora bisa diselaki kenapa uwong kang mlebu ing wilayah poletik nganti timindak kang ora pinuji yaiku kang kasebut "poletik uang" kanthi main besel nganti tega tuku swara ing pamilihan. Nora kurang uga tumindak kabecikan saprelu kanggo nutupi kaluputane. Upamane, ana...

DIRGAHAYU NKRI

  kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2431588613786928/ Atusan taun sabangsa tinindhes semplah, nging samangkya bebas wus mardika;                MARDIKA !... Sestu mung krana sih rahmating Allah, karana perjuanganning tyang sabangsa. Bangsa nagri Indonesia mugi tansah lestari, kalis sing salir bebaya, wit rineksa ing Gusti. Sabangsa gegandhengan samya ing pakarti, sabangsa tinemu sarwa raharja kang winengku ing Gusti. JM, pitoelas agoestoes rong ewu sanga las.        dening eNPe

WEDHUS BANDHOT

kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2427860624159727/ 🐐🐐🐐🐐      guyonan esuk-esuk.... Ing satengahe pasar kewan ana bakul wedhus lagi nawake dodolane nganggo halo-halo... Bakul wedhus, "Bapak2 lan ibu2, niki wedhus bandhot saking Garut kiyat sanget, sedinten saged kaping gangsal kawin kalih babon!". Si Ibu karo mesam-mesem njiwit bojone : "Galho pak... sedina ping 5, bapak sanggup ora ?.." Bacute si bakul wedhus, " Bapak lan ibu, niki wedhus bandhot saking Meduro langkung kiyat malih  sedinten saged ping 10 ..." Si Ibu njiwit meneh bojone : "Tuh..pak, mung mangan suket ae bisa kaping 10 ..., bayangke jal .....!!!" Si Bapak dadi panas nuli takon karo sing dodol wedhus, "Kang!!... iku ping 10 karo babon padha apa ora...?" Si bakul wedhus semaur : "Nggih... beda-beda lhah Pak..!" Si Bapak: "Tuh... Bu, babone beda-beda jal ...... yen babone ganti2 bapak ya sanggup ae......

DONGANE Si GARENG

Kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2425783654367424/ *GARENG* kepengin enggal Sukses, dheweke ndedonga...: "Dhuh Gusti..., Kepareng kawula dadosaken tiyang ingkang mligi mawi tepas-tepas kemawon arta sami dhateng piyambak...!" *Jreeeng.....!!!* Ora let suwe si GARENG dadi *TUKANG SATE...* Ora marem dadi kaya mangkono, si GARENG njur ndedonga maneh : "Dhuh Gusti...., dadosaken kawula tiyang ingkang namung *Ngobahaken suku* sageda pikantuk rejeki.." *Jreeeng.....!!!* Dumadakan si GARENG dadi *TUKANG JAHIT.* Isih durung marem, Gareng dedonga maneh : "Dhuh Gusti..., dadosaken kawula tiyang ingkang namung *Mendel Lenggahan* arta dhateng piyambak...!" *Jreeeng.....!!!* 2 jam candhake si GARENG malih dadi *TUKANG JAGA WC UMUM ING TERMINAL.* Si Gareng kadya durung kapok isih duweni pepenginan nuli ndedonga maneh : " Dhuh Gusti...., sapunika dadosaken kawula tiyang ingkang saged *Kengkenan Tiyang Sugih* dadosaken kaw...

BAPAK TUWA ing SCHIPHOL

   kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2409562132656243&id=1684548218490975 Wus sesasi punjul saben pungkasaning minggu, ing cedhak lawang tumekaning para kang nunggang pesawat ing Schiphol Airport ana Bapak tuwa ngadeg ing antaraning wong-wong kang methuk kang nunggang pesawat Garuda Indonesia saka Jakarta. Mripate tansah nyawang tumuju mring para penumpang utamane wanita kang liwat saka lawang metu. Pas ing ngarep lawang metu ana Kafe kang lumrahe kanggo ngenteni sing padha methuk sinambi nyruput kopi. Samono uga Bapak tuwa mau pesen kopi sadurunge mulih. Ing kafe mau ana mahasiswi ayu sing lagi nyambut gawe paro wektu (magang) dadi pramu-saji kafe nora bisa ngempet anggone pingin mangerteni. Sinambi nyuguhake kopi dheweke pitakon : "Bapak nembe methuk sinten pak? Bapak ing ngriki sampun ngancik minggu kaping gangsal nanging dereng pinanggih ingkang pun pethuk?"  Kanthi rada nglokro bapak tuwa iku mangsuli : "Ohh o ora...