MANISING PANGUCAP
kaunggah uga ing
https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2456740337938422/
Pasemon "manising lathi" ya manising pangucap nuduhake bab tetembungan utawa tumindak kang amung lamis.
Apa kang diucapake kanthi endah/manis sejatine nora tulus jroning ati, nanging mung katindakake kanggo kapentingane dhewe upamane kareben oleh alem/pujian, oleh palenggahan kang misuwur utawa amarga hamung pekewuh mring pimpinan utawa kadang kang luwih dhuwur drajade.
Tumindak kabecikan kaya kang wus kawetu ing pangucap manis sejatine luwih becik katindakake sawayah-wayah sepi ing pamrih.
Ing jaman saiki, kabecikan kayadene manising lathi asring tinemu ing babagan poletik yaiku kanggo anggayuh panguwasa. Mula nora bisa diselaki kenapa uwong kang mlebu ing wilayah poletik nganti timindak kang ora pinuji yaiku kang kasebut "poletik uang" kanthi main besel nganti tega tuku swara ing pamilihan.
Nora kurang uga tumindak kabecikan saprelu kanggo nutupi kaluputane.
Upamane, ana perusahaan kang gedhe pambiantune kanggo kapreluan sosial jebul malah ngrusak alam lingkungan.
Sajroning kulawarga bisa bae kabecikan kalakonan hamung supaya katon sopan nora kanthi tulus eklas.
Lan akeh tumindak-tumindak kaya mangkono mau ing tengahing masarakat lan bebrayaning kaprajan sarta kanegaran.
Mendahneya kita dadi warga kang mituhu ing paugeran sosial lan agama tinebihake saka manising lathi ya manising pangucap. Kanthi pangajap bisa urip tentrem rahayu ing tengahing pasrawungan masarakat.
JM, parak esuk, 18919
eNPe

Komentar
Posting Komentar