EKLAS ING TENGAHING PANGURIPAN
https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2465858443693278/
Gula kacampur kopi njur dicori banyu panas sinebut "kopi manis", ora kok njur jenenge kopi gula. Dadine ing kene gula ora kasebut.
Gula kacampur teh njur dicori banyu panas sinebut "teh manis", ora kok njur jenenge teh gula. Ing kene uga gula ora kasebut.
Ananging lamun kopine pait marga kurang legi sing diluputake sapa? temtune sing diluputake gula amarga gulane kurang akeh dadi kopine rasane pait. Kosok baline lamun kopine kelegen sing diluputake gula uga, marga gulane kakehan.
Mengkono uga yen takeran kopi lan gula pas, sapa kang dialem / dipuji ..?, temtune kabeh padha ngalem "kopine manteeep!" ing kene gula uga ora dialem.
**Dadi gula iku kudu eklas!**
Samono uga kahanan ing urip iki, KABECIKAN NORA NATE SINEBUT-SEBUT, ananging KALUPUTAN SEPELE WAE DADI RERASANAN WONG AKEH MALAH KANGGO JALARAN NGLUPUTAKE.
Sumangga... sabar lan eklas sajroning ngadhepi kahanan urip!
JM, sirep bocah, 280919
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar