NARIK BECAK SINAMBI NGGENDHONG BAYI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2469234023355720&id=1684548218490975
Iba nrenyuhake ati lamun nyumurupi ana tukang becak sing lagi narik becak sinambi nggendhong bayine ing satengahe panas ngenthak-enthak. Sapa sing tega mrangguli kadadean kaya mangkono? Kahanan iku bener-bener kadadean ing India.
Tukang becak iku ngopeni bayine amarga bojone tilar donya sawuse nglairake lan nora ana sing nyanggupi ngopeni sang bayi. Ohh iba nrenyuhake banget.
Tukang becak iku jenenge Bablu Jatav, 38 tahun. Dheweke kaparingan momongan bayi wedok dijenengi Damini sawuse omah-omah karo Shanti sajrone 15 taun. Pak Bablu ngojahake yen dheweke seneng lan muji sokur banget oleh kanugrahan bayi wedok, ananging nora bisa diselaki katon duwe rasa sedhih banget krana sang estri sing ditresnani kapundhut sawuse nglairake.
Gaweane pak Bablu nora liya ya hamung tukang becak ing kutha Bharatpur India, nora duwe sadulur kang bisa ngopeni bayine, mulane ora bisa ora ngopeni sang bayi sinambi nyambut gawe supaya bisa oleh dhuwit kanggo mbacutake urip karo sang bayine.
Pak Bablu nggendhong bayine mawa slendhang sing disampirake ing gulone. Kahanan iki kepeksa ditandangi ing tengahing panas ngenthak-enthak sing akeh keluk tetumpakan campur bledug dalanan kutha.
Kadadean iki pancen mrihatinake, utamane tumrap si Damini bayi abang. Kocapa saking panase srengenge lan kahanan dalanan njalari kudu enggal diplayokake menyang rumah sakit Jaipur. Sang bayi ngalami septikemia, anemia lan dehidrasi. Tujune si bayi katulungan bisa luwih apik sawuse dirawat ing rumah sakit.
Warta iki cepet sumebar (viral istilah saiki), nganti akeh sing nawani pambiantu mring pak Bablu. Mbokmenawa iki sing njalari pamarintah kutha ngupayakake piye carane biantu ngopeni sang bayi iku kanthi bisa mlebu ing sawijining Yayasan Sosial sing mligi ngopeni bayi-bayi papa. Muga-muga pambiantu enggal bisa ngentasake nganti sang bayi iki bisa oleh perawatan luwih apik.
Crita ing nduwur mau nggambarake iba gedhene katresnan lan pangorbanane wong tuwa mring anake sing banget ditresnani.
Sumangga para kadang saged kapethik tuladhanipun kangge para putra wayah... Gusti Allah amberkahi.
JM, sirep bocah, 21019
dening eNPe
ref. https://m.fimela.com/lifestyle-relationship/read/3714513/pria-ini-mengayuh-becak-sambil-mengasuh-bayinya

Komentar
Posting Komentar