JUMENENGAN PANDHEGANING NAGARA
kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2484959321783190&id=1684548218490975
Swawi kadang sabangsa..
sumyak sung puja..
ing dinten adya punika..
Samya giyak suka-rena..
wah agunging Sih katresnanNya
Sampun prapti kang tinengga..
ari kang kebak nugraha..
Jumenengan pandheganing nagara..
Jokowi - Ma'ruf Amin piniji dening kawulanira..
kababar dadya pemimpin bangsa
Asung pepuja mring Gusti kang Ma'Kawasa..
mugya pangauban Paduka..
anjangkung gesang nggennya nata nagara..
kalis sing rubeda lan bebaya..
andhahan lan kawula alit nyengkuyung samya
Kadang kinasih mugya kasumuntaka..
endahing gung sih-rahmat kang Ma'Kawasa..
Mangga sayuk-sayuk rukun sesarenga..
ambangun praja murih mulyaning nagara..
tumujweng masarakat gesang mulya raharja
MERDIKA! ✊ MERDIKAaa! ✊ bangsa Indonesia! ✊
JM, bangun esuk, 201019
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar