SABAR LAN EKLAS NGRUNGOAKE

  kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2483898088555980&id=1684548218490975

Ana ibu ndangu putrane sing isih 5 taun umure, "Yen ibu lan kowe pinuju dolanan bebarengan, njur padha ngelake ananging ora ana banyu, nanging jroning tasmu ana apel loro, kira-kira apa sing arep kok tindakake?"

Si bocah meneng sedhela sajak mikir, banjur kanthi mantep mangsuli, "Aku arep nyakot apel-apel iku bu."

Mireng wangsulan putrane, ibune katon gela sajak cuwa. Maune sang ibu menggalih kepengin enggal ngajari putrane kepriye kudune apa kang ditindakake, nanging sang ibu mendel bae nyoba bisa luwih sabar.

Tumuli sang ibu kanthi alus ngendika karo ngelus sirahe putrane klawan asih, "Nak, ibu kepengin pirsa alesanmu, kenapa kowe nedya nyakot apel-apel iku?"

Putrane kanthi blaka mangsuli apa anane karo cahyaning mripate katon mblalak bening sumorot, "Marga.. eemm.. marga aku kepengin ngaturi ibu apel sing luwih legi, mula dak cokot dhisik kanggo ngicipi endi sing legi dhewe, iku sing bakal dak aturake ibu."

Wahh.. sang ibu mireng kaya mangkono sanalika trenyuh karo mbrebes mili eluhe tumetes ing pipi, nuli ngekep lan ngesun pipi putrane bola-bali.

Kadhang kala, sajroning kulawarga cedhak lan rukun-rukun bae bisa tinemu kleru ing pangerten lan salah tampa.
Mula luwih becik lan wicak kang kita butuhake yaiku kasabaran lan kasedyan nedya ngrungoake dhisik kepriye andharane saka wong liya lan sanak-kadang kang kita asihi kanthi sabar lan eklas.

Sumangga!

JM, bangun esuk, 191019
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN