*MUNTAB KANEPSON*

 Kaunggah uga ing fb https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2477404675871988/

Ana juragan ibu-ibu isih nom nyetir montor sedhan mewah tumuju jabaning kutha, tumekane enggok-enggok dalan dheweke weruh ana bis methukake saka ngarep, nalika wus papagan sopir bis iku nyetir tunggangane alon-alon njur karo mbengok, "SAPI..!"

Juragan enom iku nesu rumangsa diina... banjur buka kaca jendhela montor mbales kebak kanepson, "Kurang ajar...!! Kowe sing SAPI..!!"
Dheweke njur ngomel karo misuh-misuh (#panulis nwn sewu), "Sapi edan ora duwe uteg..!! Dhasar gembel..!!"

Sabanjure si juragan enggal midak gas .... dumadakan nalika montore ngliwati enggok-enggokan candhake ana puluhan sapi gedhe mudhun saka pereng ngebaki dalan ... si juragan enom telad anggone ngerim montore njur bress... nabrak salah sijining SAPI... Katiwasan nalika arep ngupaya ngendhani sapi liyane, montore nggoling bablas kejegur jurang.

Sejatine, si sopir bis bengok mau ora kok nedya ngenyek, nanging malah menehi tandha pameling mring juragan kanoman supaya ngati-ati yen ing ngarepe ana saperangan sapi nyabrang dalan....

Eliding crita ing dhuwur mau nuduhake mring kita dene EGO kang mung nuruti rasa awake dhewe asring andadeake thukuling congkrah marga rasa muntab kanepson (emosi) kaya kaobong atine sanalika, kang andadeake rasa marem (puas)... ananging ing tembene datan kinira malah bisa gawe kapitunan lan cilakane tumrap awake dhewe uga wong liya.

*"Coba ayo sinau bisa nengenake tanggap ngrungokake lan migatekake ujare wong liya, nanging bisoa ngerim lathi iki, lan sokur-sokur bisa luwih ngempet lan ngendhaleni kanepson..!"*
*"Sinau ngajeni mring liyan yen kepengin diajeni uga. Kendhalenana kanepson kang bisa gawe rugi ya mring awake dhewe ya uga mring wong liya."*

Pitutur iku saturut karo kang katulis ing kitab suci,
Galati 5:14-15 ,
 Sabab angger-anggering Toret kabeh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.”
"Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes"

Sumangga..! Gusti amberkahi.

JM, gagat bangun, 121019
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN