BAITA BANGSA

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2488958088049980&id=1684548218490975

Wus dugeng kang kaantu..
pangombyong wus kebak..
sang nakodha aba priittt..
palwa enggal lumampah ngener..
tumujweng dalan kang bener

Baita ya palwaning bangsa..
para pandhega kang kapiji..
mituhu dhawuhe sang nakodha..
sengkut tandang gawe..
ngrampungake tanggung jawabe dhewe-dhewe

Eling aywa mlenceng paugeran wus gumelar mlaha..
cancut taliwanda sengkut ing pakarya..
kawulaning bangsa anyengkuyung nyadhong samya..
datan kendhat asung pepuja..
Gusti paring nugraha mring kita sabangsa

JM, lingsir wengi, 241019
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN