ANAK DURAKA
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2475087346103721/
Apa luputku?
Aku sawijining ibu bale omah biasa. Umurku ngancik 57 taun. Aku randha anak 3, kabeh wus padha omah-omah . Sisihanku kapundhut 4 taun kepungkur.
Nalika sisihanku pensiun saka perusahaan swasta, urip saka dhuwit pensiunan njur buka warung makan. Juru masake aku dhewe, awit jare sadulur-sadulurku lan kanca-kanca aku masakane enak. Lan asring aku nampa pesenan. Mula kanggo ngisi wektu aku buka warung makan ayam bakar.
Esuk-esuk aku karo sisihanku blanja menyang pasar njur masak bebarengan. Aku sing mbumboni, garwaku sing bakar. Jam 9-nan wiwit ngladeni langganan. Endah banget nalika samana.
Aku nyewa ruko lumayan rada adoh saka ngomah. Ya marga adoh cukup gawe kesel wira-wiri kanggone aku wong loro saumuran setengah tuwa. Apamaneh pelanggane sangsaya rame rancangane ruko arep dak tuku kanggo usaha lan omah.
Regane ruko larang banget, aku lan garwaku sarujuk omahe diadol masiya hamung cukup kanggo bayar panjer, cicilane rencana dibayar seka asile usaha warung makan... mujudake kaputusan kang nekad.
Taun candhake aku wong loro bisa nindakake ibadah haji sawuse ngenteni 3 taun. Rasane wus komplit tampa kanugrahan kebak rahayu ... muji sokur Gusti.
Ananging sawuse mulih saka ngibadah haji, garwaku kapundhut dening Pangeran marga kena serangan jantung. Langit rasane kaya ambruk.
Aku ora saguh nglakoni buka warung makan tanpa rinewangan sisihanku. Anak-anakku ora ana sing gelem ngrewangi ya jalaran duwe gawean dhewe-dhewe kang ora bisa ditinggal.
Warung katutup, njur nyoba urip dhewe ing ruko mau. Rasane sepi, aku banget ngrasakake kelangan garwaku, ganthilaning uripku sing dak tresnani. Aku bola-bali pijer nangis.
Ya amarga wus ora dodolan maneh, aku ora kuwat bayar cicilan ruko.
Wusanane, asil rembugan karo anak-anakku ruko dikontrakke bae. Cicilan dibacutke dening anak mantu mbarep si Misna.
Anak-anakku, sarujuk gentenan supaya aku manggon ing omahe anak-anak, endi sing dikrasani... ngono kira-kira. Nanging kaendahan iku ora suwe.
Anak-anakku sing maune ormat ngajeni aku minangka ibune, njaga tetembunganne marang aku, suwening suwe wiwit ilang rasa ormate. Anak-anak asring menging gawe larangan, malah wiwit nggetak-getak aku.
Pinuju aku manggon ing omahe anakku mbarep, Misna ora ngidini aku menyang ngendi-endi. Kejaba pengajian bae, nanging ora oleh suwe-suwe. Aku ngrasakake uripku sarwa winatesan. Aku duwe pakumpulan, duwe kanca-kanca hamung kepengin ketemu ngobrol-ngobrol tamba kangen ora bisa kaleksanan. HP ku tansah dipriksa. Kala-kala anak-anak menehi dhuwit kadhang ora babar pisan. Nganti aku kangelan ngupadi kabutuhanku pribadi.
Aku pindhah ing anakku Ahmad sing nomer loro. Ahmad ora nate kasar, aku arep kepengin lunga nang endi bae mangga, malah oleh nganggo sepedha motore, mung bae medhit. Ora nate ngaturi dhuwit yen aku ora nembung njaluk. Yen aku arep lungo menyang pangajian diaturi 20 ewu rupiah. Kala-kala seket ewu rupiah. Aku kadya anak sekolah nembung dhuwit jajan mring bapake. Kamangka Ahmad sakulawarga asring mangan ing restoran seminggu bisa kaping pindo utawa kaping telu.
Iku durung klebu bojone Ahmad wong wedok sing judhes.Yen aku pinuju lunga pangajian njur aku mampir dolan nang nggone kancaku, tekan ngomah dheweke muring-muring nyrengeni.
"Ibu nang ngendi bae sih? iku nang ngomah akeh sing kudu ditandangi!.."
Nelangsa atiku digetak mantu. Nanging ora nate dak wadulake nyang Ahmad. Kabeh dak pendhem dhewe supaya anakku ora regejegan mung marga jalaran aku.
Dene lamun aku manggon ing nggone anakku ragil, Halimah, dheweke padha bae tansah nyrengeni karo gremengan. Dheweke pancen "single parent" anake loro isih SD.
Rikala dheweke glidhig nyambut gawe, aku reresik omahe, ngumbahi sandhangan, nyetrika. Yen Halimah mulih aku was-was kuwatir yen omahe kurang rapi bisa dipestheke bakal nyrengeni. Aku kayadene anak sing kaweden didukani ibune yen nganti omah ora resik.
Tau kedadean nalika aku lagi bae tekan omahe tas dak selehake ing jobin cedhak lemari. durung mari keselku dheweke wus bengok,
"Bu, iku tas aja dideleh kono!.. dadi pating blengkrah bu. Ibu yen rawuh omah malah dadi ting blengkrah. Yen ibu ora ana omah iki tansah rapi!.."
Tobil tobiill.., ngomyenge terus-terusan nganti sa'jaman.
Karo ngempet netesing eluh, dak gawa tasku mlebu kamar njur jebol tangisku.
Wusanane aku nyoba dodolan black garlic merga wus ora duwe dhuwit anak-anakku ora ana sing ngaturi saben sasine. Aku njupuk dagangan saka wong liya, Puji Gusti dak dol cepet kelarisan. Aku bisa tetuku kapreluan pribadiku lan bisa nyimpen ora ketang sethithik.
Ananging lha kok si Halimah dakwa nek aku iki kepincut karo sing duwe black garlic.. masa alah!.. Dheweke nesu-nesu karo ngomel,
"Yen ibu ora ana apa-apa karo dheweke, ateges ibu kudu eklas yen HP ibu dak "reset" (stel ulang).!"
Oo alah ndhuk-ndhuk kok ya kebangeten tega-tegane nganti jeneng lan nomere kanca-kancaku ilang kabeh klebu poto-poto kenanganku karo bapakmu lan kulawarga uga kanca-kancaku...,
Perih rasaning atiku, mung tumetese eluh sing bisa mili, dak sabar-sabarke atiku kanthi nyenyuwun marang Gusti Allah pinaringan kuwat lan anak-anakku diparingi eling.
Seminggu kepungkur aku ribut karo Halimah, embuh jalarane apa, jare dheweke entuk kabar yen aku duwe utang rong yuta. Kamangka aku rumangsa ora duwe utang, setoranku black garlic lancar-lancar bae. Dheweke nesu muring-muring tanpa nanjihake menyang aku bener orane.
"Ibu jebulane goroh ya! Ibu ora kena dipracaya. saumur-umure uripku aku ora pracaya maneh karo ibu!..."
"Ibu uga sakepenake dhewe, ora nate ngrewangi bab ekonomi menyang aku!.. Aku kesel bu!!..keseell!!.." bacute karo kebak kanepson.
"Eee lha dalah.., sik sik, kosik ndhuk, kowe dak openi nganti diwasa, dak sekolahke tumekane omah-omah apa kuwi dudu montang-mantinge ibu lan bapakmu? Apa kowe tau ngrewangi kabutuhan ibumu? Ibu ing kene tansah ngupaya ngragadi kanggo kapreluan pribadi ibu. Ibu mangan, tuku odol sabun adus, tuku kasur nganggo dhuwite ibu dhewe saka asilee olehku dodolan", wangsulanku karo mbrebes mili.
"Ooo.. dadi ibu ora seneng manggon kene? ya wus kana metua seka omahku.. lungaa menyang omahe mas Ahmad!."
Dhuh Allah Gusti Kang Maha Pirsa paringana sabar. Aku ditundhung dening anakku dhewe. Wiwit bayi aku tresnani, dak kekep-kekep, dak kudang-kudang kebak rasa asih, kapreluane tansah dak utamake tinimbang kapreluanku. Lha kok saiki tega-tegane ndakwa sing ora-ora lan negakake nundhung aku seka omahe.
Apa luputku ta ndhuk? nganti kowe tumindak siya-siya kaya mangkono mring ibumu iki?
Yen ngene iki kepengin garwaku ana ing sisihku, kepengin ngglendhot sirahku ing pundhake, pengin ambage sesake rasa ati iki.
Dhuh sisihanku ya ganthilan uripku, lamun panjenengane isih sugeng, dak pestekake bocah-bocah ora bakal wani siya-siya mring aku ya ibune dhewe... ohhh nelangsa banget uripku iki.
Atiku nggrantes banget... uripku ora kajen rasane wus ilang semangat, arepa nunut urip masiya iku anak-anakku dhewe.
Aku hamung kepengin diajeni lan ditresnani kaya dene aku nresnani anak-anakku. Aku ora njaluk piwales bandha donya saka kowe kabeh anak-anakku. Kang dak suwun muga anak-anakku lan putu-putuku pinaringan urip mulya bebudene tansah winengku dening Gusti Allah Kang Maha Asih... Amin Amin.
Kadya kang wus katulis ing kitab suci
Pangandharing Toret 5:16 , "Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, marang sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira."
Mateus 19:19 "Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”
Sumangga,
Gusti Allah amberkahi.. Amin
JM, lingsir kulon, 91019
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar