KASUGIHAN SEJATI
kapacak uga ing
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2482686788677110&id=1684548218490975
Ana wong mlarat pitakon mring sang Dwija Wicak,
"Kenging punapa Guru kula dados tiyang mlarat sanget lan tansah rekaos gesang kula?"
Sang Dwija mangsuli,
"Amarga kowe nora tau ngupaya menehi wong liya."
"Nanging kula boten gadhah punapa-punapa kangge nyukani dhateng tiyang sanes", wangsulane si mlarat.
Sang Dwija wicak ngendika :
"Sejatine isih akeh sing kok duweni lan bisa kok wenehake mring wong liya."
"Lhoo... punapa punika, guru?", si mlarat tambah bingung.
Sang Dwija paring wangsulan,
1. krana Cangkem sing kok duweni, kowe bisa aweh eseman lan pangalembana
2. krana Mripat sing kok duweni, kowe bisa aweh panyawang kang nentremake
3. krana Kuping sing kok duweni, kowe bisa menehi kawigaten kanthi gelem ngrungokake pasambate wong-wong ing sacedhakmu
4. krana Praupan sing kok duweni kowe bisa aweh pitulungan kanthi grapyak lan sumanak
5. krana Tangan mu, kowe bisa aweh pitulungan mring wong liya kang butuhake,
lan liya-liyane isih akeh maneh sing bisa kok tindakake.
*Sejatine kowe nora kok mlarat, mung bae kowe nora tau gelem menehi mring wong liya apa sing kok darbeki mau.*
Ya kaya mangkono iku ndadekake wong liya nora tau gelem menehi apa bae mring kowe.
Kowe bakal kaya mangkene terus yen kowe tetep nora gelem menehi lan ambage mring wong liya.
Muliha... lan ambagea... mring wong-wong liya apa kang isih kok duweni mau, supaya wong liya uga gelem ambage menyang awakmu.
Menehi nora katemtokake sepira gedhe lan cilike, nanging miturut apa kang dibutuhake.
Ana sing butuh dirungokake pasambate
Ana sing butuh dikuwatake kapracayan dhiri
Ana sing butuh dipigatekake
Ana sing butuh supaya duwe pangarepan
Ana sing butuh dierih-erih murih bisa sabar
Ana sing butuh panglipur,... lsp lsp.
para kadang sutresna, ....
TANSAHA TUMINDAK KABECIKAN !
Apa kang kita TANDUR saiki bakal kita PANEN ing tembene.
Nalika kita nandur PARI bisa uga suket melu thukul, nanging yen kita nandur SUKET nanging pari nora bakal melu thukul. Mangkono uga tumrap Tumindak Kabecikan lan Tumindak Ala.
Ayo kita tetep tumindak kabecikan!
Lamun tetembungan kita bisa agawe rasa Sih Katresnan
.... aja nganti ....
kita kawetu tetembungan kang bisa gawe serike mring liyan.
Lamun tetembungan kita bisa gawe Kuwat,
.... aja nganti ....
kita kawetu tetembungan kang bisa agawe nglokro semangate.
Lamun tetembungan kita bisa gawe Panglipur,
.... aja nganti ....
kita kawetu tetembungan kang bisa nambah gawe kasedhihan.
Lamun tetembungan kita bisa nggiyarake warta Kasunyatan,
... aja nganti ...
kita kawetu tetembungan kang gawe apus-apus (hoax).
*UPAYANEN KEDALING LATHI KITA BISOA TANSAH NJALARI BERKAH TUMRAP WONG LIYA*
Sumangga!
JM, sirep jalma, 171019
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar