NGASAH PANGELING-ELING (NEDYA NGLAWAN KELALEN)

  kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2490971494515306&id=1684548218490975

Ing satengahing sore aku lan kadangku loro nggleyeh kuwaregen ing sawijining warung pojok kampung.
Piring-piring tilas madhang wus kosong samono uga gelas-gelas lan botol-botol.

Salah sijine kadangku nyumet rokok nedya udud njur kita wiwit ngobrol ngalor ngidul.
Maune obrolan bab kedadean ing pedinane, bab gawean, kekasih, panjangka ing tembe (cita2 bs.Ind) nganti ngrasani kadang liyane.

Obrolan tambah gayeng tumeka bab kang rada abot yaiku kadadean kakisruhan wulan Mei 1998.
Rikala kadadean iku kita wong telu umure nembe watara 7 nganti 8 taun.
Kancaku ambage sacuil pangelinge. Dheweke nyritaake dene ibune kang nyambut gawene ing tengah kutha dhaerah Sunter Jakarta kepeksa kudu mlaku mulih dununge ing Halim lewat dalan tol ing satengahe kakisruhan ing ngendi-endi.

Samono uga aku nyaritaake, nalika iku sing dak eling ing televisi kawartaake kadadean obong-obongan. Ing kadadean iku bapakku ora kondur kepeksa nginep kantor. Panjenengane kabetheng ing kantor kang dedunung ing Sunter uga. Kantore wus kinepung lan dibalangi dening masa perusuh.
Bapakku lagi bisa kondur esuke sanalika dak tubruk karo nangis sesenggukan.
Kancaku sijine nyaritaake pengalamane kanca-kancane sing isih kerabat turunan tionghwa, toko-tokone dijarah nggegirisi kae.

Crita ing nduwur nggambarake dene lamun kita nyoba bali nyaritaake kedadean kang wus suwe temtu nora bisa runtut. Wondene ana sing kececer ya lumrah bae, nanging iku pancen prelu kacaritaake maneh supaya bisa kanggo nyuda sokur-sokur ngilangi kelalene daya pangeling kita. Kabeh mau prelu kanggo ngasah pangeling-eling.

Apa maneh tumraping piyayi sepuh, banget migunani upaya kanggo nglawan kelalen pangeling kang kaaran *alzheimer* yaiku lali samubarang kang wus dilakoni jalaran mundur 'sel-sel regenerasi' jroning badan kita. Sapa kang sregep ngisi TTS 'teka-teki silang' temtu migunani kanggo ngasah landhepe pangaeling-eling kita nedya supaya aja nganti mundur.

Sumangga!

JM, bangun esuk, 261019
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN