EBUN ESUK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2478243145788141/
Bacutna lakumu ing dalan kang becik / bener..,
Senadyan kabecikan kala-kala ora kajen.
Aja sok mamerake awakmu mring sapa bae..,
Amarga wong sing wus seneng awakmu ora mbutuhake, lan sing nyengiti awakmu ora bakal pracaya.
Urip iku dudu sapa sing becik dhewe..,
ananging sapa sing bisa gawe kabecikan.
Aja gawe pedhoting paseduluran hamung jalaran sawijining kaluputan..,
ananging lalekna kaluputan amrih bisa mbacutake paseduluran.
Lamun kita nampa kadurakan aja njur duwe pikiran piye carane males luwih gedhe, ananging pikiren piye carane males mawa kabecikan..,
jroning lelakon tansah udinen mawa kabecikan nganti kadurakan suwe ning suwe sirna.
Aja lena hamung kok gatekake piye ujare wong liya..,
jalaran wong iku ndeleng kahanan ing donya iki krana pangertenan lan pangalaman beda-beda.
JM, parak esuk, 131019
rinacik dening eNPe

Komentar
Posting Komentar