TUMINDAK JUJUR
kapacak uga ing FB :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2467674476845008&id=1684548218490975
Ing sawijining wanci awan, wong tuwa tukang golek barang-barang buangan lan plastik lagi ngayahi gaweane kaya adad saben.
Dina iki si bapak tuwa mau luru barang-barang buangan kanthi mubeng kampung sing akeh pondhokane. Lha ya ta ing kono ana sawijining universitas negeri kang kondhang, mulane akeh pondhokan sumebar ing sacedhake.
Si bapak tuwa iku ora akeh omonge, mripate jelalatan ngawasake ngisor mbokmenawa ana barang-barang buwangan kang bisa payu diadol.
Ing sacedhake kono ana saperangan pondhokan jejer-jejer, sapa ngerti ana plastik lan barang-buwangan liyane. Nalika dheweke tekan pekarangan mburi pondhokan sing jejer-jejer mau, katon akeh plastik pating slebar. Dheweke wiwit ndhukir-ndhukir mawa tugelan wesi sing setya ngancani lan karung lungset semampir ing pundhake. Bener ing kana akeh buwangan plastik,
banjur si bapak tuwa iku meruhi ana sakanthong plastik putih lan enggal-enggal marani plastik mau nedya pingin ngerti apa isine,... ee lha kok isine tumpukan botol plastik resik lan rapi. Kanthong plastik putih iku dicantholke ing tugelan pang uwit jeruk. Sajake pancen dijarag dening sing duwe.
Biasane tumrape si tukang golek-golek kang ngutamakake golek dhuwit, temtune kantong plastik saisine bakal dijupuk njur dileboke ing karung. Ananging ora kaya mangkono tumrape si bapak tuwa tukang golek-golek mau.
Dheweke hamung njupuk plastik larahan bae, sing isih resik mau ora dijupuk. Si bapak tuwa iku tumindak jujur, barang iku dudu darbeke mula ora gelem njupuk tanpa idi dening kang nduweni.
Si bapak tuwa iku rada sawetara suwene ing mburi pondhokan nganti oleh akeh. Banjur let sedhela ana kenya sing memeni kumbahan sandhangan lagi ngawasake si bapak tuwa iku. Mula si bapak tuwa iku enggal-enggal arep lunga marga ngira yen si kenya mau ngawasake karo sujana. Dumadakan kenya iku ngundang si bapak tuwa iku,
"Pak.., mang mriki pak!", bengoke si kenya.
Pak tuwa tukang golek-golek nuli nyedhak. Jebul dheweke malah diwenehi botol-botol plastik akeh, awujud botol tilas aqua, tilas saus, tilas teh nganti botol tilas susu.
“Wah, iki rejekiku dina iki.” batine.
Banjur kenya iku menehi sawetara akeh lembaran dhuwit limang ewonan sing isih katon anyar. Lan pak tuwa iku bolak balik matur nuwun banjur sawuse iku enggal-enggal pamit.
Saka ing crita iku, bisa diacungi jempol mring bapak tuwa mau krana kajujurane si bapak tuwa iku ora gelem njupuk hake wong liya masiya dheweke ngreti dene iku bisa mujudake gudhang rejeki kanggo awake dhewe. Dheweke yakin lan pracaya lamun rejeki iku wus ana kang ngatur. Saben uwong iku wus ana jatahe dhewe-dhewe.
Gusti Allah iku Maha Adil, nganti bapak tuwa iku oleh rejeki kang datan kinira lumantar saka kenya salah sijine sing mondhok ing kono.
Sumangga!
JM, madya ratri 011019
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar