KAJUJURAN ANGGAWA BERKAH
https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2471258083153314/
Salim tukang angon wedhus uripe sarwa kesrakat manggon ing gubug reyot karo pakne lan simbok ing desa sapinggire kutha.
Pendhak esuk Salim nggiring wedhus-wedhuse ing tanggulan kali kang subur sukete ora adoh saka gubuge, mulihe sore sadurunge magrib.
Sanadyan uripe kesrakat sarwa kakurangan, Salim duweni sipat mulya kang diwulangke wong tuwane wiwit cilik yaiku KAJUJURAN. Ya krana kajujurane Salim disenengi wong akeh, nganti ana wong sing sugih ing desane ngragati sekolahe tumeka tamat SMA. Sawuse tamat SMA Salim tetep urip ing desa ngancani wong tuwane sing wis umur lan lara-laranen.
Awan iku Salim lungguh ing pinggir kali karo nyawang wedhus-wedhuse sing lagi nggayemi suket, kala-kala nyawang iline banyu kali. Dumadakan pandulune nyawang tumuju ing pojok iline kali sawuse dipigatekake jebul ana duren gedhene sasirahe kumambang keli.
“Wow! Duren!...” Salim sanalika ambyur kali saprelu njupuk duren mau. Ora sranta duren enggal dibukak lan dipangan. "Hemm, enak nan.. mesthi lagi wae ceblok saka uwit"
Rikat banget ngerti-ngerti duren iku kari kulit lan ponggene. Salim kuwaregen..., njur klekaran ing sesuketan.
Dumadakan dheweke kaprungon wulangane bapakne, "Salim, aja sepisan-pisan kowe mangan apa kang dudu hakmu, iku haram! Panganan haram sing kok pangan mengkone ing akherat bakal dadi geni sing ngobong wetengmu.." Dheg.., Salim nyekeli wetenge. Naluri kajujurane ndadekake bingung. "Wadhuh.., piye iki nek durene ana sing duwe?"
“Ahh, aku kan ora nyolong, aku nemu duren iku kintir mbokmenawa pancen wus dililaake karo sing duwe".
"Nanging piye jal yen sing duwe ora lila? Cilaka iki wetengku mengkone bakal kobong. Oh gara-gara duren iku aku sangsara ing akherat. Emohh!... Aku ora kena meneng bae. Aku arep nggoleki sing duwe duren iku. Aku arep nyuwun supaya nglilaake duren sing wus tak pangan mau."
Salim enggalan nggiring wedhuse menyang kandhang. Dheweke nyaritaake mring wong tuwane lan njaluk idi arep nggoleki sing duwe duren. Salim njur mlaku saurute kali, mripate nggoleki uwit duren sing thukul ing sapinggire kali.
Sawuse mlaku adoh lagi bisa nemokake uwit duren mangklung kali ing sawijine kebon kang akeh uwit durene lan lagi awoh akeh.
“Assalamu ‘alaikum, nuwun pak” kocape Salim mring wong tuwa sing lagi nyapu jroning kebon duren iku.
“Wa’alikumussalam….” wangsulane.
“Nuwun sewu, menapa Bapak ingkang kagungan kebon punika?”
“Bener, jenengku H Abdullah sing duwe kebon iki. Sliramu sapa le?”
“Kula Salim saking tetanggi dhusun ngrika….” Dheweke njur nyritake kedadean wiwit saka ngarep nganti nemoke duren sing kintir kali nganti duwe rasa dosa, lan kadereng nggoleki sapa sing duweni duren iku saprelu nyuwun kalilaake duren sing wus dipangan iku. Haji Abdullah manthuk-manthuk krungu critane Salim lan ngalem kajujurane Salim.
Batining ati pak H Abdulah,
“Hmm lagi iki aku mrangguli ana bocah enom kang bener-bener jujur lan amanah. Nganti mlaku adoh saprelu njaluk kalilanku bab duren sing ditemokake. Sejatine aku ya wus nglilaake kabeh woh-wohan kang ceblok ditemu lan dijupuk sapa bae. Apa meneh wus kintir ing kali. Ananging ya wus ben aku kepingin nguji sepira kajujurane bocah iki nganti njaluk kalilanku."
“Salim, yen pancen sliramu kepengin oleh kalilanku aku bakal uga nglilaake, nanging ana sarate."
"Sarat punapa kemawon awratipun, kula sagah nandangi, ingkang baken mangke ing akherat padharan kula boten kobong." wangsulane Salim.
"Ya wis yen ngono tekadmu sliramu kudu ngrewangi nggarap sawah lan kebonku sajeroning setaun. Apa sanggup?"
"Inggih kula tampi pak."
Esuke Salim wiwit ngayahi ngrewangi pak H Abdulah. Kabeh gawean ditandangi kanthi sregep lan sukarena. Kebone p H Abdulah dadi kopen lan katon resik. Salim ora maelu dene H Abdulah kanthi sesidheman nggatekake Salim anggone nyambut gawe.
Pak H Abdulah gumun lan ngalem tumrap tekade Salim anggone ngleksanani sarat sing dipasrahke.
"Ora kaya cah noman jaman saiki, senengane turu, dolan ning ora seneng nyambut gawe. Anane mung nyusahke wong tuwa. Ora kaya mangkono tumrape Salim.."
Ringkesing crita, pak H Abdulah ngudarasa jroning ati, "Yen Salim gelem aku kepingin dheweke tetep melu aku, yen prelu tak pek mantu.."
Ngono kira-kira pak H Abdulah kepencut dening kabecikan budi pekertine lan kajujurane Salim. Garwane pak H Abdulah ya sarujuk yen Salim dipek mantu.
Sawijining sore pak haji nimbali Salim, "Salim aku wus meruhi gedhene tekadmu ngleksanani sarat sing dak jaluk, nanging aku isih duwe sarat siji meneh supaya aku bisa nglilaake duren sing wus kok pangan."
“Pak Haji, kula sampun janji estu-estu ngleksani pumundhutipun bapak."
"Ya ya le.., sarat candhake sliramu kudu ningkahi putriku sing lagi sinau ing pondhok, nanging sumurupana dene putriku wuta, budheg lan bisu. Piye le?"
"Menawi punika pancen ingkang bapak kersaaken lan bapak sageda ridho lan eklas, kula nderek kemawon."
Pungkasaning crita ing wektu kang katemtokake, acara ningkahane Salim lan putrine pak H Abdulah diacarani. Para tamu ngebaki ing pahargyan kang tertib lan kidmat mawa adad Betawi. Raine manten putri ditutup rapet nganggo busana adad. Sajeroning gelaran adicara kabeh nganggo basa isarat marga manten putri tuna graita, tuna rungu lan tuna wicara.
Ing malem penganten, dhadhane Salim dheg-dhegan. Para tamu wus padha bubaran. Pak-bu haji wus sare pules kekeselen. Ing kamar manten ya Salim lan putrine pak haji sakloron ora akeh omonge. Salim karo dheg-dhegan nyedhaki bojone, dheweke wus nyiapake mental atine bisa nampa bojone sing cacad. Kanthi alus aon-alon Salim bukak tutup rai bojone, jrengg... "Haahh??..." Salim kaget kamitenggengan weruh kenya ayu rupane, mripati blalak-blalak sumunar idepe lentik elok."
“Assalamu ‘alaikum sisihanku. Allah wus milihku dadi sisihanmu. Aku siap ngladeni panjenengan kangmas….”
Ya Salim kang jujur lan amanah ora kok malah seneng meruhi kahanan iki.
Dheweke kuwatir, demek bae ora... ora wani nyedhaki. Pikirane semrawut
"Kenapa bisa kaya ngene ya. Bojoku jare cacad, lha kok iki dheweke sampurna lan ayu, apa dudu bojoku lan iki kenya liya, aku ora kena laku jina. Aja-aja iki dudu bojoku putrine pak haji, ing ngendi sejatine bojoku sing dijanjeni dening pak haji.
Salim nuli mlayu metu kamar tumuju teras omah, dheleg-dheleg mikirke kedadean iku, nganti keturon. Nalika pak haji metu arep sholat subuh kaget meruhi Salim njingkrung turu ing kursi.
“Salim, tangia. Salim!…”
“Oaaaahm, i-inggih pak,” karo mripat isih ngantuk dheweke nyritaake sing dialami mau bengi.
"Kula boten mangertos kenging punapa kala dalu estri kula ingkang tuna graita, tuna rungu lan tuna wicara boten wonten ing kamar, malah ingkang wonten kenya ayu ingkang nedya nggodha kula.. kula ajrih pak."
Haji Abdulloh mesem, dheweke mongkog mring kesucian atine Salim, ”Fatimah! Mrenea ndhuk….” bengoke pak haji.
Kenya sulistya kang ditemoni ing kamar mau bengi njedhul ing ngarepe Salim.
“Salim. Fatimah iki anakku wedok ontang-anting. Ya dheweke iku sejatine bojomu sing resmi kok ningkah mau awan. Dene bapak ngandhake yen Fatimah iku tuna graita, tuna rungu lan tuna wicara iku mung pasemon.
Salawase iki putriku manggon ing pondhok pesantren, ora tau weruh kahanan njaba, ora tau weruh tontonan tv, ora tau krungu warta maksiat uga ora tau ngomongake cecaturan ala.
Ya dheweke iku Fatimah. Bagya rahayu anakku Fatimah, kowe bisa dadi bojo sing sholihah. Lan kowe Salim bisa dadia bojo kang becik bebudenmu lan tanggung jawab. Muga Gusti Allah ndadekake kowe sakloron kulawarga sakinah."
Tuladha kang bisa kapethik, kajujuran iku mujudake sangune urip kang utama, awit tanpa kajujuran kabeh bisa sarwa blasar saka paugeran bebrayan ing tengahing masarakat.
Kajujuran anggawa berkah karahayon.
Sumangga!.. Gusti amberkahi!...
JM, wayah esuk, 51019
dening eNPe
kadudud saka sumber :
http://fahlevi-inspirasi.blogspot.com/2017/06/kisah-inspiratif-kejujuran-membawa.html?m=1

Komentar
Posting Komentar