WEDHUS BANDHOT

kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2427860624159727/

🐐🐐🐐🐐
     guyonan esuk-esuk....

Ing satengahe pasar kewan ana bakul wedhus lagi nawake dodolane nganggo halo-halo...

Bakul wedhus, "Bapak2 lan ibu2, niki wedhus bandhot saking Garut kiyat sanget, sedinten saged kaping gangsal kawin kalih babon!".

Si Ibu karo mesam-mesem njiwit bojone : "Galho pak... sedina ping 5, bapak sanggup ora ?.."

Bacute si bakul wedhus, " Bapak lan ibu, niki wedhus bandhot saking Meduro langkung kiyat malih  sedinten saged ping 10 ..."

Si Ibu njiwit meneh bojone :
"Tuh..pak, mung mangan suket ae bisa kaping 10 ..., bayangke jal .....!!!"

Si Bapak dadi panas nuli takon karo sing dodol wedhus,
"Kang!!... iku ping 10 karo babon padha apa ora...?"

Si bakul wedhus semaur :
"Nggih... beda-beda lhah Pak..!"

Si Bapak:
"Tuh... Bu, babone beda-beda jal ...... yen babone ganti2 bapak ya sanggup ae...!!"

"Ihh... genit si bapak.. dhasar bandhotan..!!", si ibu njiwit luwih rosa.

Qkqkqkqk.... ckk ckk ckk....😁😃😀😄
hehehe... semangat ... semangat....!!

esuk-esuk wulan Agustus '19
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN