DONGANE Si GARENG

Kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2425783654367424/

*GARENG* kepengin enggal Sukses, dheweke ndedonga...: "Dhuh Gusti..., Kepareng kawula dadosaken tiyang ingkang mligi mawi tepas-tepas kemawon arta sami dhateng piyambak...!" *Jreeeng.....!!!* Ora let suwe si GARENG dadi *TUKANG SATE...* Ora marem dadi kaya mangkono, si GARENG njur ndedonga maneh : "Dhuh Gusti...., dadosaken kawula tiyang ingkang namung *Ngobahaken suku* sageda pikantuk rejeki.." *Jreeeng.....!!!* Dumadakan si GARENG dadi *TUKANG JAHIT.* Isih durung marem, Gareng dedonga maneh : "Dhuh Gusti..., dadosaken kawula tiyang ingkang namung *Mendel Lenggahan* arta dhateng piyambak...!" *Jreeeng.....!!!* 2 jam candhake si GARENG malih dadi *TUKANG JAGA WC UMUM ING TERMINAL.* Si Gareng kadya durung kapok isih duweni pepenginan nuli ndedonga maneh : " Dhuh Gusti...., sapunika dadosaken kawula tiyang ingkang saged *Kengkenan Tiyang Sugih* dadosaken kawula tiyang ingkang saged ngreksa piyambakipun kanthi bebas lan sasekecanipun...! *Jreeeng.....!!!* 4 jam candhake si GARENG DADI *TUKANG PARKIR.* Isih durung marem si Gareng donga maneh : " Dhuh Gusti...., kepareng sapunika kawula pundadosaken *Tiyang ingkang Mukti lan Mulya, saben tetiyang ingkang kepanggih tansah urmat lan ajrih mring kawula.*" *Jreeeng.....!!!* Ora let suwe si GARENG DADI *DEBT COLLECTOR.* "Dhuh Gusti ...., kok boten wonten leresipun..., dadosaken kawula tiyang ingkang *Nggadhahi Pandherek kathah*, dhateng pundi kemawon kawula kesah, para pandherek tansah nginthil...!" *Jreeeng.....!!!* sedina candhake si GARENG DADI *TUKANG ANGON BEBEK.* Ampuuun salah maneh,,, si Gareng nggrundel tetep ora marem, dheweke donga maneh...: "Dhuh Gusti...! Nyuwun tulung ingkang pungkasan dadosaken kawula tiyang ingkang tansah *pun rubungi para Wanita...!*" *Jreeeng.....!!!* 3 jam candhake si GARENG DADI *TUKANG SAYUR KELILING...!!!* kwk kwk kwk ...ckk ckk ckk.. ! .... wusane si Gareng donga maneh : "Dhuh Gusti...,,,,, Kawula *Kapok* ndedonga nyuwun ingkang mboten-boten." Saiki aku arep urip biasa-biasa bae .... *Kebak geguyon sumyah lan tansah duwe rasa sokur kadya kang lagi maca tulisan iki...!* *Jreeeeeng.....!!!* Saiki sing maca tulisan iki mesam mesem dhewe. *URIP IKI ORA KOK BAB APA KANG DI KABULAKE..., ANANGING..., SING PENTING.., *BAB SEPIRA AKEHE KANG KITA SOKURI...!* Muga-muga Migunani...! Iya ora...Reng!... , mung guyonan bae lho.... Hahahaha

 JM, sirep bocah, 080819 
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN