ECULNA MOMOTAN URIPMU
kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2546951495583972&id=1684548218490975
Kuldi sawijining kewan klangenane juragan sugih kacemplung luwangan kang jero banget. Sang Juragan kangelan anggone nedya ngentasake metu kuldine, nganti nora preduli iba rekasane nyoba bala-bali. Saking judhege dheweke netepake ngurug lan ngubur bae urip-urip.
Lemah wiwit kaurugake nang luwangan iku. Kuldi krasa kurugan lemah, njur ngegos-egosake awake supaya lemahe bisa jugrug ora nibani awake lan midak ing sadhuwure lemah sing wis jugrug mau. Mangkono sateruse lemah kaurugake, kuldi ngegosake awake, lemahe jugrug ngiwa nengen kuldi mlangkah maneh midak sadhuwure jugrugan lemah. Suwening suwe lemahe saya dhuwur sing bisa dipidak kuldi, si kuldi uga saya dhuwur midak lemah jroning luwangan iku. Ndungkap madya raina, kuldi iku bisa munggah metu saka luwangan, njur nggayemi mangan suket ing tegalan sacedhake kono.
Para kadang sutresna PBJ, sawuse kita ngegosake lan ngeculake momotaning urip, lan mbacutake mlangkah, sabanjure tekan titi wancine kita bisa mangan suket ing tegalan kadya kuldi mau, samubarang kang dadi panjangka bisa kasedya kadya apa kang dadi impenan.
JM, gagat esuk, 201219
dening eNPe
sumber :
https://www.google.com/amp/s/successbefore30.co.id/5-cerita-pendek-yang-dapat-memotivasi-dan-menginspirasi-anda/amp/

Komentar
Posting Komentar