PITUTURE PIYAYI SEPUH
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2535372993408489&id=1684548218490975
Ana piyayi kakung sepuh arep nunggang bis, nalika bapak sepuh mau mancad rolak bis, sepatune sesisih copot lan ceblok nang ndalan.
Nora let suwe lawang bis ketutup lan bis enggal mlaku, nganti bapak sepuh iku nora bisa njupuk sepatune sing copot mau.
Kanthi kalem bapak sepuh iku nyopot sepatune sing sesisih njur mbuwang metu liwat jendhela bis.
Bocah kanoman kang lungguh cedhak bapak sepuh mau meruhi kadadean iku pitakon marang bapak sepuh iku.
"Kenging punapa Bapak kok mbucal ugi sepatu ingkang sesisih?"
Si bapak sepuh karo mesem mangsuli entheng, "Supaya sapa bae kang nemokake sepatuku bisa migunaake, iku sepatu isih anyar lan apik. Aja nganti sepatuku sesisih kelangan pasangane. Sepatu iku mujudake rewang sapasang kang elok dhewe!"
Coba pigatekna :
Wujude pasangane rak nora padha pleg nanging trep cocok.
Nalika dianggo mlaku, obahe bisa beda kiwa-tengen..kiwa-tengen, nanging enere padha.
Panggah bae dununge, nora ana sing udur iren, nanging padha dene nggenepi siji lan sijine.
Sing sesisih mlumpat, sisihe nyusul mlumpat.
Tansah sadrajat, nora ana sing luwih dhuwur utawa luwih endhek.
Siji munggah rolak, sijine ya nusul munggah rolak.
Lha yen sijine ilang, bisa cotho pasangane nora ana paedahe.
Cah enom mau isih durung marem.
"Ananging Bapak kok boten ketingal gela lan cuwa kecalan sepatu sinaosa nggadhahi piguna ageng?"
Si bapak sepuh mesem maneh kanthi sareh, "Ee.., cah enom..., ngertia yaa,
dene BANDHA iku mung TITIPAN,
NYAWA iku samono uga mung SILIHAN !
*UDARASA lan GAGASEN !*
Kelangan nora bisa miih-milih :
- bisa kelangan SAPA bae
- bisa APA bae lan KAPAN bae!
Sambekala, Berkah lan tumindak Kaluputan iku bab kang nora bisa diselaki.
Puji sokur minangka manungsa kang nduweni kapracayan kita kaparingan pituduh kanggo ngadhepi :
- ketaman sambekala, bisaa Sabar
- kasinungan Berkah, unjuka Puji Sokur
- tumindak Kaluputan, enggala Mratobat
Mugya gambaran ing ndhuwur bisa migunani tumrap kita kabeh...
Sumangga!
JM, madya raina, 91219
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar