LELAKONE URIP

  kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2545925709019884&id=1684548218490975

Ana bocah lanang umur kira-kira 24 taun nunggang sepur karo bapake. Dheweke ngulatake manjaba banjur ujug-ujug mbengok,
"Bapak, pirsani pak.., uwit-uwitan kae padha mlaku ya!"

Bapake mesem, ananging ana sapasang nom-noman kang lungguh ing cedhake, ndelokake karo rasa melas mring saparipolahe cah lanang iku kok kaya bocah cilik.

Keprungu maneh cah lanang iku bengok seru,
"Bapak mega iku katon mlayu ngoyak kita!"

Pasangan nom-noman iku nora bisa ngempet rasa risi njur clathu menyang bapake si bocah lanang iku.,

"Punapa panjenengan boten mbekta keng putra dhateng dhokter ahli jiwa?"
Wong tuwa iku mesem, njur ujar, "Aku wus nggawa nang dokter, lan nembe mulih saka Rumah Sakit. Anakku wuta wiwit lair, dheweke lagi bisa oleh panjurung (dhonor) mripat lan dina iki lagi bisa ndeleng." Mak plenggong nom-noman iku kaget lan kisinan.

Saben manungsa urip ing ngalam donya iki duweni lelakon dhewe-dhewe.
Aja gampang aweh panemu mring sapepadhamu sadurunge kita bener-bener mangerteni kanthi permati lan satiti. Jalaran ing tembene bisa-bisa kuwalik kahanane lan bisa agawe kaget.

JM, parak esuk, 191219
    dening eNPe
Sumber :
https://www.google.com/amp/s/successbefore30.co.id/5-cerita-pendek-yang-dapat-memotivasi-dan-menginspirasi-anda/amp/

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN