PANGRUMATING ALLAH
kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2543318049280650&id=1684548218490975
Manungsa ing pedinane datan kendhat saka ing pakarti kang ajeg lan kadhang kala ndadekake bosen.
Sapa bae kang umyek ing gawean kang kudu diayahi bisa gampang kamomotan lungkrah lan bosen. Nora bisa diselaki dene ana saperangan wong kang nora kuwat ngupaya nyingkuri tanggung jawab amarga bosen.
Nora ana kaendahan kang bisa dirasakake. Rasa-rasane kabeh sarwa cemplang ngudaneni ing saben dinane.
Sajrone ana ing Sih Karahayoning Gusti Allah kang tinampa, kita bakal pinaringan kekuwatan nglakoni samubarang saturut karo kersane Gusti. Apa bae kang kita adhepi sarwa kabeneran lan sarwa entheng sanggane.
Krana iman kapracayan kita, samubarang kang kita adhepi nora bakal sumpek lan peteng ana ing pangrasaning nala. Awitdene Gusti datan ana sathithika ninggalake kita, ananging kita tansah ana ing pangrumating Gusti Allah.
Rahayu kita dene tansah kasinungan Sih Rahmate Gusti Kang Maha Asih murih bisaa tansah lumaku ing dalan kamulyan tumujweng ing urip manunggal klayan Gusti.
Amin Aminn, Gusti amberkahi!
JM, grimis wulan desember '19
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar