MANGANGGO TOPI
kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2539387986340323&id=1684548218490975
Ana wanodya papat diulemi ing sawijine pista.
Kabeh nembe ngrembug topi kang arep dianggo.
Wanodya sepisan, "Aku arep manganggo topi warnane soklat kadya warna rambute bojoku."
Wanodya kapindho nyauti, "Aku tansah milih topi warna ireng laras karo warna rambute bojoku kang ireng njanges alami."
Wanodya katelu nora gelem kalah, "Aku arep manganggo topi putih warnane, ya maklum bojoku wis mabluk uwane..."
Giliran wanodya kaping papat, isih meneng bae.., sajake isih bingung.., rada gojag-gajeg wusanane urun rembug uga, "Heemm..., aku pilih ora nganggo topi ahh... "
"Apa?!!..ora nganggo topi?", meh bebarengan telu-telune wanodya iku takon.
Wangsulane wanodya kaping papat, "Iya..., ngapurane ya..., bojoku plonthos alias gundhul!" karo cengar cengir ndhingkluk.
Hehehe... ing tengahing pasrawungan yen ana kang beda kaanggep nganeh-anehi, sanadyan wanodya kaping papat mau nora kleru, nanging ya tetep bae rewang-rewange sanalika gumun setengah maido.
Iki nelakake dene kita kudu tansah ngati-ati aja melu ombyake jaman yen pancen nora cocok karo kapribaden kita.
Nyumanggakake!
JM, bangun esuk, 131219
dening eNPe
sumber (inspirasi) :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10221173969447844&id=1503470400

Komentar
Posting Komentar