ANGAKONI KALUPUTAN
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2533246086954513&id=1684548218490975
Salah siji tumindak kang nora gampang disingkuri yaiku kepriye bisa ngrumangsani kaluputane lan gêlêm angakoni kaluputane.
Kamangka nêtêpake bisa ngakoni ing tumindak luput ya luput mring apa bae iku mujudake tumindak kang pinuji.
Gêgandhèngan karo bab ngakoni/ngrumangsani kaluputan, kadidene ngadhêpi pilihan antarane liwat dalan loro, dalan sepisan sinêbut nyelaki, dalan kapindho sinêbut blaka/jujur.
Dene milih dalan nyelaki kaluputane kanthi golèk-golèk alêsan, bisa-bisa njlomprongake awake dhewe, amarga kanthi nyelaki wong ngupaya nutup-nutupi bukti kaluputane mawa maneka warna cara, bisa goroh, gawe pitênah, mbêsêli malah tega mêmatèni.
Dene milih dalan blaka/jujur apa anane
nora kok bebas saka njalarine, nanging ya têtêp nampa njalarine, marga sacara ukum ora bisa diselaki, mung bae bisa olèh pangaksama utawa nyuda paukumane.
Kaprayogaake bisoa ngrumangsani lan ngakonana kaluputan yèn pancèn tumindak klèru! Wani tumindak kudu wani lan lêgawa tanggung jawab!
Bakuning kang utama :
TUMINDAK KANG NORA PINUJI LAN GAWE WIRANG YAIKU NALIKA UWONG NORA NGRUMANGSANI LAN NGAKONI KALUPUTANE, DUDU NALIKA NGAKONI KALUPUTANE!
Sumangga !
JM, sore-sore, 71219
dening eNPe
kadudud saking : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10221132186643300&id=

Komentar
Posting Komentar