WARSA ENGGAL
kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2559602450985543&id=1684548218490975
Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami,
gya napaki panjangnya warsi enggal puniki,
nadyan tan saged nujweng momotan myang kabegjan,
wit sih rahmate Gusti kita samya basuki.
Saben mangsa tinata manut ing lampahira,
swau pepanggihan samangkya kita pisahan,
nging tan sande tansah nyawiji nunggil ing Gusti,
wit sih rahmating Gusti kita samya basuki.
Kluhurna Hyang Makwasa kang langgeng kasetyannya,
ing warsa enggal niki nggih mesthi tansah mberkahi,
mung karaharjan sanyata ngiring lampah kita,
mila tan kendhat memujia mbangun turut mring Gusti.
SUGENG MANGAYUBAGYA WARSA ENGGAL
Cbn, poncoting warsa '19
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar