BOCAH LUHUR BEBUDENE

  kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2538957666383355/

Ana ibu-ibu isih enom lagi satengahe nyopir dumadakan sirahe ngelu sesisih (lagi ketaman migrain) nginggirake montore.
Mandheg sedhela karo ngenteni sirahe ilang rasa nyut-nyut sinambi ngeningake pikir kanthi nyawang sakiwa tengene.

Dumadakan kaca montore dithothok-thothok dening bocah lanang cilik kira-kira umur 11 taun.
"Bu... ibu badhe parkir? Kula rencangi ngabani parkir montore nggih?", clathune bocah cilik iku.
"Oh.. ora usah ya, aku arep ngaso sedhela!.", wangsulane si ibu mau.
"Menawi ngaten punapa ibu kagungan yatra 2000 rupiah?", pitakone bocah cilik iku.

Gandheng si ibu iku nora gelem diganggu maneh, si ibu iku enggalan menehi dhuwit rong ewu, karo mikir yen bocah cilik iku nedya njejaluk mawa ngemis.
Banjur si ibu iku nyawang migatekake bocah cilik iku, katon bocah iku nyedhaki bakul gorengan tuku gorengan. Gorengane njur diwenehake bapak tuwa sing nembe lungguh ing sangisore cagak listrik.

Nalika bocah cilik iku ngliwati sisih montore, si ibu buka jendhela ngundang bocah cilik iku.
"Renea nak..., kae mau sapa?", pitakone

"Boten ngertos bu.., kula nggih nembe kepanggih", wangsulane bocah cilik iku.
"Lho piye ta.., kowe mau njaluk dhuwit njur kanggo tuku gorengan, kenapa kok wenehake menyang bapak tuwa kae?", tlesihe ibu iku.

"Oohh.. kala wau kula nembe jagongan ing ngrika, ngobrol kaliyan bapak menika, criyose nembe siyam... Kala wau kula nyumurupi bikak siyamipun namung ngombe.., kacriyos boten gadhah yatra.
Dinten menika kaleresan kula boten sadean koran... Tanggal abrit bu... Kula namung gadhah 1000, badhe tumbas gorengan namung pikantuk satunggal, mesakaken yen kula sukaken boten maregi. Mila kula nyuwun ibu 2000, kajenge angsal 3...", piterange bocah cilik iku.
"Menapa Ibu badhe parkir samenika? Kula rencangi ngabani bu.. Ibu rak sampun bayar. Salerese kula sanes tukang parkir bu." ngomonge bocah cilik iku karo mesem lan garuk-garuk pipine.

Si ibu iku mireng ocehane bocah cilik iku mung meneng bae.., karo mbatin, "bocah iki tak kira tukang ngemis kaya bocah-bocah liyane sing padha nongkrong ing pinggir dalan, jebule banget olehku kleru."
"Njur duwitmu entek ya nak?", si ibu nyambungi.
"Inggih bu.., boten napa-napa... benjing saged sadean koran malih.. Insaa Allah wonten rejeki malih", wangsulane si bocah iku.
"Yen ngono dak ijoli ya dhuwite nak..., sisan dak imbuhi kanggo jajan ...", si ibu karo menehake salembar dhuwit 20.000-an.

"Boten.., boten sisah bu... salerese simbok kula ngawisi kula nyuwun-nyuwun... Mila kula naweni Ibu ngrencangi ngabani parkir. Jalaran kalawau kula melas sanget dhateng bapak sepuh wau, namung estu sanget kula boten nggadhahi yatra kangge numbasne gorengan", wangsulane bocah iku polos.

"Eh nak cah bagus..., ibu njaluk ngapura ya... ibu salah panduga yen kowe dak kira tukang njaluk-njaluk, apuranen ya nak ibu iki", ngono si ibu mangsuli karo keduwung gela.

"Malah kula ingkang nyuwun duka Bu... Kula nyuwun yatra rumiyin, mangka dereng nyambut damel." wangsulane si bocah iku.
"Ya ya... padha-padha ya.. Iki dhuwite.. tampanana... Iki kowe ora njaluk, ning ibu sing maringi!", ngendikane si ibu iku.

"Boten Bu. Matur nuwun. Ibu samenika badhe parkir?", sambunge bocah iku maneh.
"Ora.... ora usah direwangi parkir", ngendikane si ibu.

"Estu lho Bu.., jalaran kula selak kesesa methuk adhi kula nembe ngaji..., kuwatos nangis yen kedangon methukipun.."
"Ya wis kana enggal pethuken!..." ngendikane si ibu karo mesem.
"", bocah iku terus njenggirat mlayu ninggalke si ibu sing isih kamitenggengen.

Si ibu iku noleh mring cagak listrik, bapak tuwa mau wus nora ana., nglirik ing kaca sepion, bocah mau mlayu rikat.

Si ibu mbatin...,
Akeh wong-wong kang uripe nora luwih begja katimbang kita, ananging isih mikirake sapepadha, isih ngupaya sedhekah lan pracaya oleh lironan rejeki. Contone kaya bocah cilik mau kang luhur atine, ya luhur bebudene.

Matur nuwun nak, dina iki kowe wus nglumantarake ibu sinau lan nulad kaluhuran budi kang ngedab-edabi/ngebat-ebati...       
  "Dhuh Gusti matur nuwun, awit Sihtresna Paduka, sampun ngutus lare punika nuwuhaken manah kawula kabikak saged nyumurupi iba kawula taksih kathah boten nglampahi dhawuh Paduka nresnani mring sesami, taksih mburu kabetahan piyambak boten maelu tiyang sanes.
Nyadhong pangaksama Paduka dhuh Gusti... ingkang kawula suwun tansah nyadhong kadarman lan kadarpa Paduka.... Aminnn." 🙏

Sumangga ! Gusti amberkahi !

JM, sirep bocah, 121219
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN