MAKNANE SIH-KATRESNAN

 kaunggah uga ing :
  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2516764991935956/

Sapa bae butuhake diasihi, ditresnani, nanging nora mesthi saben wong mangerteni maknane asih-katresnan.
Asih durung mesthi agawe senenging ati kita, pipi semu abang lan mripat dadi blalak-blalak karo kebak esem.

Sih-katresnan kang sejati bisa uga gawe sedhih lan tangis, ati kuciwa lan nora sethithik bisa malah ndadeake muntap kanepsone.

Kayadene pasemon kang surasane : "Wong kang amung lelamisan nresnani iku bakal menehi madu lan racun. Ananging wong kang kanthi tulus angasihi kowe kadidene menehi bratawali sing pait rasane nora kok senengi"
Bratawali yaiku sajenis tanduran dening para kadang kita ing Indonesia Wetan dianggo obat herbal rasane pait banget nanging bisa mulihake lelara kanthi rikat.

Werdine pasemon mau mratelaake dene Sih-katresnan kang amung lelamisan bisa njlomprongke, dene Sih-katresnan kang sejati bisa bae rasane pait ananging bisa njalari segering jiwa.

JM, lingsir kulon, 211119
            dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN