RESEP 99
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2500633216882467/
Ana sawijining sudagar sugih raja brana omahe magrong-magrong kadya kraton ratu.
Esuk-esuk sang Sudagar katon nglamun karo ngematake petamanan kang peni ing pakarangan ngarep omahe.
Dheweke sajak bingung ora jenjem amarga ora nate ngrasakake katentreman lan angel banget tinemu ing karahayon jroning uripe.
Wiwit mundur kesehatane nganti krasa angel bisa sare sajroning ngaso amarga akeh pikiran kang nggubet. Kamangka ngaso ing kamar kang sarwa wah dipiranteni mesin panyeger hawa lan mawa kasur empuk.
Ing satengahe nglamun..,
Sang Sudagar meruhi tukange kebon sengkut olehe nyambut gawe karo mesam-mesem suka rena. Saben dina dheweke teka kanthi kebak esem lan mulih kebak suka rena.
Kamangka bayarane amung pas-pasan banget lan omahe gubug ora kopen. Nanging praupane ora nate ngatonake kasedhihan.
Sawuse mulih tumekane omah si tukang kebon wus kabageake dening kulawargane kanthi cumepak suguhan panganan saanane lan brayat cilik iku mangan kebak rasa narima lan kebak rasa rahayu.
Sang Sudagar banget olehe gumun nyumurupi panguripane tukang kebon iku.
Sang Sudagar enggal nimbali abdi juru panglipure kang wicak lan ndangu : "Juru panglipurku, wus suwe aku urip ing kahanan kebak ora tentrem nandhang bingung ora jenjem, kamangka aku duweni samubarang sing dak butuhake. Nanging..., banget anggonku gumun nyumuripi tukang kebon iku.
Ora nate kasedhihan katon ing praupan, raine tansah sumringah. Kadhang kala keturon ing sangisore uwit kang edhum iku, kaya-kaya ora ana sanggane urip, kamangka dheweke ora ndarbeki apa-apa!"
Si juru panglipur kang wicak mesem lan atur wangsulan :
"Sadaya kalawau katemtokaken dening resep 99, wondene tukang kebon punika menawi ketaman resep 99, mila gesangipun inggih badhe boten tentrem lan bingung boten jenjem sarta boten sekeca tilemipun."
"Lho apa ta sing kokkarepake resep 99 iku?", pitakone sang Sudagar karo selak kepengin ngreti.
"Benjang dalu katuran paring dhawuh dhateng utusan kang kapitados ngeteraken pisungsung awujud kothak yatra kaserat 100 yuta rupiah, ananging panjenengan isi 99 bendhel sayutanan kemawon.", si juru panglipur mrayogaake rembug.
Sang Sudagar nuruti apa kang diprayogaake dening si juru panglipur.
Nalika wayahe wiwit surup, utusan sang Sudagar nothok lawang gubuge si tukang kebon karo nggawa kothak pisungsung.
Si tukang kebon bukakake lawang lan kaget weruh utusane sudagar nggawa kothak pisungsung.
"Iki pisungsung paringane sang Sudagar kanggo sliramu.", ujare sang utusan Sudagar.
"Oo.. inggih kula tampi lan nyuwun tulung matur nuwun kula kaaturaken sang Sudagar.", wangsulane tukang kebon sumringah meruhi ana tulisane 100yuta. Durung tau-taune dheweke duwe dhuwit samono akehe.
Dheweke enggal mlebu nggawa kothak iku lan ngetung bebarengan karo anak bojone lan kaetung bola bali.
... Ananging ..., anehe dhuwit ing jroning kothak iku cacahe mung ana 99yuta.
Dheweke yakin dene ana 1 bendhel dhuwit sak yuta sing kececer ilang. Dheweke wiwit nggoleki sacedhake lawang, nganti nyoba uga nlusuri dalan tumuju daleme Sudagar sawengi muput, nanging ya tetep ora ketemu.
Esuke wiwit njedhul srengengene, sang Sudagar karo juru panglipure angrantu tekane si tukange kebon.
Ora let suwe tukange kebon teka karo raine mrengut kecut praupane.
Sang Sudagar kaget lan dangu juru panglipure, "Lho apa sing kadadean? Ora salumrahe dheweke teka kanthi praupan kaya mangkono?"
Banjur si juru panglipur atur wangsulan : "*Sang Sudagar, nggih makaten punika salebeting gesang. Kita anggadhahi kathah samukawis ananging kita taksih tansah madosi punapa ingkang boten kita gadhahi.*"
"Tiyang punika pikantuk 99bendhel kanthi mayar nanging taksih umyek madosi 1 bendhel ingkang pancen boten wonten.
Mila lajeng ing manahipun thukul raos judheg, boten tentrem... amargi kita umyek madosi ingkang boten kita gadhahi...
jalaranipun...,
kita boten nate rumaos raos sokur tumrap 99 kanugrahan ingkang kita tampeni!"
Sang Sudagar sanalika krasa katampek lan ngrumangsani kaluputane.
"Iya.... benerr ...
Ya iki wangsulane bab ora jenjem lan ora tentrem sing dak sandhang seprana seprene.." ngendikane sang sudagar karo sumringah lega atine.
"*AKU KURANG CAOS SOKUR MRING GUSTI ALLAH TUMRAP KABEH KANUGRAHAN KANG WUS DAK TAMPA TUMEKANE DINA IKI!*
DHUH GUSTI KEPARENG NYUWUN SAGUNGING PANGAKSAMA AWIT SAKING DOSA KAWULA PUNIKA!"
Eliding crita kang bisa kapethik
- Sih Palimirmane Gusti Allah kang wus karumuntuhake mring kita,
... ananging ...
ing antaraning kita isih bae asring mburu nggoleki .. lan terus nggoleki.. ngantu-antu apa sing durung karuwan ana wujude... isih rumangsa kurang.. uripe nggrangsang ...
... nganti ...
kita nglalekake caos sokur apa kang wus kita darbeki.
Ajenana apa kang wus *kita darbeki tumekane wektu saiki*
*KARAHAYON* ora bakal tinemu mring sapa bae kang *ora nate CAOS RASA SOKUR*
Sumangga!
JM, madya raina 051119
kajarwakake dening eNPe
saka kirimane kadang ing WA GRUP
MUTIARA PAGI
*RESEP 99*
_*Mencari 1 yang hilang, lupa dengan 99 yang ada !*_
Alkisah ada seorang Raja yang sedang termenung melihat taman didepan istananya._
_Ia gelisah karena tak pernah merasakan ketenangan dan sulit sekali menemukan kebahagiaan._
_Kesehatannya mulai menurun karena ia mulai susah tidur karena banyaknya pikiran yang mengganggu._
_Padahal selama ini ia tidur didalam kamar yang mewah dan menggunakan kasur yang empuk._
_Ditengah lamunannya,_
_*sang Raja melihat seorang tukang kebun yang sedang bekerja sambil tertawa.*_
_Setiap hari ia datang dengan senyuman dan pulang dengan keceriaan._
_Padahal gajinya sangat pas-pasan dan rumahnya begitu sederhana._
_Tak pernah tampak kesedihan di wajahnya._
_Saat dia pulang keluarganya telah menunggu dengan hidangan makanan seadanya dan keluarga kecil ini pun makan dengan bahagia._
_*Raja pun heran melihat orang ini.*_
_Ia memanggil penasihatnya yg bijak dan bertanya:_
_“Hai penasihatku, telah lama aku hidup ditengah kegelisahan, padahal aku memiliki segalanya.Tapi ..., aku sungguh heran melihat tukang kebun itu._

_Kadang-kadang ia tertidur di bawah rindangnya pohon,_
_seperti tak ada beban dalam hidupnya; padahal ia tidak memiliki apa-apa !”_
_Si penasihat yg bijak tersenyum dan berkata,_
_*“Semuanya ditentukan dengan resep 99".*_
_*"Bila tukang kebun itu terkena resep ini, maka hidupnya akan gelisah dan ia tidak akan bisa tidur.”*_
_“Apa yang kau maksud dengan resep 99 ?”_
_*tanya Raja.*_
_*“Besok malam perintahkan prajurit untuk mengantarkan hadiah kepadanya. Sediakan satu kotak uang dan tulislah 100 dinar Namun isi lah kotak itu dengan 99 dinar saja.”*_
_Raja pun menuruti saran dari penasihatnya._
_Ketika hari mulai gelap, prajurit mengetuk pintu rumah tukang kebun ini dengan membawa hadiah._
_Si tukang kebun membuka pintu rumahnya dan terkejut melihat prajurit membawa kotak hadiah._
_“Ini hadiah dari raja untukmu.” kata si prajurit._
_“Ya, sampaikan terima kasihku kepada raja.” jawab tukang kebun sambil kegirangan melihat kotak dengan tulisan 100 dinar. Belum pernah ia memiliki uang sebanyak itu._
_*Ia segera membawa masuk kotak itu dan menghitungnya bersama keluarga.*_
_... Namun ..._
_*anehnya, jumlah uang didalam kotak itu hanya 99 dinar.*_
_Dia pun menghitung ulang lagi, ulang lagi.., tapi tetap jumlahnya 99._
_*Dia yakin, pasti ada 1 uang yang jatuh. Dia pun mulai mencari-cari di sekitar pintu, tapi tak menemukan apa-apa. Akhirnya dia mencoba untuk menelusuri sepanjang jalan menuju istana. Semalaman ia mencari tapi tetap tidak menemukan apa-apa.*_
_Matahari mulai terbit, Raja beserta penasihatnya menanti tukang kebun ini._
_Tak berapa lama dia datang dengan wajah yang masam dan merengut._
_*Raja pun kaget dan bertanya pada penasihatnya, “Apa yang terjadi? Tak biasanya ia datang dengan wajah seperti ini !”*_
_Penasihat raja menjawab,_
_*“Duhai Raja, begitulah kehidupan. Kita memiliki banyak hal namun kita mencari yang tidak kita miliki.*_
_*Orang ini mendapatkan 99 dinar secara cuma-cuma namun ia sibuk mencari 1 dinar yang hilang.”*_
_Jadi....,_
_*Munculnya kegelisahan hati* karena ....._
_*kita sibuk mencari sesuatu yang tidak kita miliki,*_
_... sementara ...._
_*kita tidak pernah mensyukuri 99 anugerah yang kita miliki.*_
_Dan sang Raja pun_
_*terhenyak dan sadar akan kesalahan nya.*_
_Ya....benar._
_Inilah jawaban atas kegelisahan ku selama ini... kata Raja_
_*"AKU KURANG MENSYUKURI... SEGALA ANUGERAH YANG SUDAH KU TERIMA SAMPAI SAAT INI !"*_
_*Raja pun gembira dan menjadi bahagia*_
_karena sudah menerima jawaban atas kegelisahan nya selama ini._
_*Kisah ini memberi pelajaran yang sangat berharga*_
_bahwa ....._
_*nikmat ... kebaikan Allah telah dicurahkan begitu banyak kepada kita,*_
_...... namun ...._
_seringkali banyak diantara kita masih saja sibuk *mencari...mencari...dan...mencari... menanti ....menanti..dan... menanti....sesuatu yang belum tentu ada*_
_*......sehingga....*_
_kita lupa *MENSYUKURI dengan apa yang sudah kita terima dan kita miliki*_
_Hargai apa yang kita *Miliki SAAT INI.*_
_*KEBAHAGIAAN* tidak akan pernah datang kepada mereka yang tidak pernah *BERSYUKUR*_
Selamat pagi. Tetap SEMANGAT. Was wr wb - OPH

Komentar
Posting Komentar