TELUNG JINIS USADA

  kaunggah uga ing :
https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2518337928445329/

Ana sawijining piyayi kakung sepuh kang sugih brewu ketaman lelara ndrawasi nora bisa diusadani. Rumangsa yen uripe nora suwe maneh dheweke banget olehe kuwatir.

Dheweke nyoba nyambangi tabib sing kondhang. Sawuse mriksa keduting nadhi, sang tabib ujar, "Lelara kaya ngene iki nora ana usadane, ananging ana sawijining cara, iki dak wenehi 3 jenis resep. Mengko bukaken resep iku lan lakonana kadya apa kang katulis ing resep iku. Welingku kowe kudu ngrampungake dhisik resep kapisan banjur kena bukak resep candhake miturut urutane ya."

Sawuse tekan ngomah, wong sugih mau enggal bukak resep kapisan kang surasane tinulis, "Menyanga ing pinggir segara (pesisir), ngglethaka klekaran suwene 30 menit saben dina sajroning 21dina."

Wong sugih iku bingung, ning tetep bae dilakoni pesene sang tabib. Saben dina dheweke budhal nyang pesisir lan turonan sadhuwure pasir kurang-luwih rong jam-an. Ngrungoke swara angin lan ombak uga swara ocehane manuk-manuk bener-bener gawe tentrem rasaning ati.

Dina kaping 22, dheweke bukak resep kapindho, tinulis, "Goleka iwak, urang utawa kerang cacahe 5 ing pinggir pesisir njur eculna lan balekna ing segara. Lakonana saben dina sajerone 21 dina."

"Wah apa maneh iki?"... batin atine.., nanging ya tetep bae ditandangi, sapa ngerti saben ngeculake iwak lan urang ing segara, embuh kenapa atine wiwit kagugah pengin nindakake pesen iku.

Ing dina kaping 43, dheweke bukak resep pungkasan, tinulis, "Goleka pang kayu lan tulisen kabeh kanepsonmu lan sesengitanmu ing sadhuwure pasir."
Lagi bae rampung nulis siji, ombake teka busak tulisane. Dheweke nulis maneh ombake teka maneh tulisane kebusak. Siji mbaka siji kabeh kanepson lan sesengitane sing disimpen kabusak ilang disamber ombak. Tan kinira.., eluhe ndlewer ing pipine.

Sawuse mulih tekan ngomah, dheweke ngrasaake awake dadi lega lan entheng rasane, kaya-kaya sakabehan momotan wus kaangkat, amung malah andadeake ati krasa ayem tentrem, malah wus nora kuwatir mati maneh.

Kasunyatane, lamun manungsa nora mangerteni 3 bab iku, bakal salawase angel bisa oleh tentrem rahayu, yaiku :
  1. ngaso lan lerem
  2. ambage / weweh
  3. nglalekake / ngeklasake / narima

KASRAKAHAN iku mujudake racun! Pepenginan manungsa iku nora ana enteke (uripe nggrasang).
Sawuse ajeg katurutan, sabanjure budidaya bisa urip kepenak,. Sawuse bisa urip kepenak sarwa kacukupan, budidaya urip sing sarwa luwih saka kacukupan ya sarwa wah.
Salawase pepenginan manungsa nora nate mandheg, ya salawase iku uga nora nate ngrasakake tentrem rahayu.

Tansah duwe rasa sokur lan rasa cukup peparinge Gusti iku bakal bisa njalari duwe rasa tentrem kebak karahayon.
Prayoga narimoa apa kang wus kok darbeki lan caosa sokur mring Gusti Allah Kang Ma' Kawasa iku kita bakal ngrasake dene kita wong kang begja dhewe uripe ing ngalam donya awit tansah kasinungan berkah dening Gusti Allah... Aminnn!

Sumangga!

JM, parak esuk, 231119
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN