TUHU TRESNANE BAPAK

 kapacak uga ing
 https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2521525574793231/

Saka jero kamar keprungu bapak bola-bali watuk.
Aku putrine wedok lan ibu nembe jagongan ngobrol.
"Nduk ngertia iba tuhu tresnane bapakmu marang sliramu, nanging luwih akeh kasimpen jroning penggalihe marga sliramu cah wedok", ngendikane ibu. Krungu kaya mangkono aku bingung lan gumun banget.

"Rikala sliramu mbacutake kuliah menyang Jakarta, ibu karo bapakmu ngeterke nang stasiun, sliramu lan ibu rangkulan. Bapakmu mung nyawang bae, bapakmu ngendika sakjane ya kepengin ngrangkul awakmu, nanging jare minangka piyayi kakung nora tata ngrangkul anak wedok nang ngarepe wong akeh mulane bapakmu mung nyalami tanganmu njur jumeneng nganti sepure ora katon", ngendikane ibu.
"Ibu pancen kerep nilpun awakmu, ning ngertia nduk iku kabeh bapak sing dhawuh ngelingake".
Kenapa dudu bapakmu dhewe sing nilpun? Bapakmu ngendika, "Suaraku nora alus lembut kaya suaramu, anak kita kudu nampa apa kang becik dhewe."

"Nalika sliramu diwisuda, bapak-ibu lenggah ing bangku mburi. Nalika sliramu munggah panggung lan kuncir togamu dielih rektor, bapak ngajak ibu ngadeg supaya bisa ngematake sliramu luwih cetha", ngendikane ibu
"Ayu temen ya bu anak kita, ngendikane bapakmu karo ngusap eluh socane." bacute ibu.

Krungu critane ibu ing kamar tamu mau, dhadhaku krasa seseg, embuh marga trenyuh apa rasa luputku.
Jujur bae seprana seprene aku luwih cedhak lan nggatekake marang ibu.

Saiki kacetha gambaran tuhu asih-tresnane bapak mring aku. Aku kelingan rikala munggah klas 2 SMP aku nyuwun dipundhutke tas. Ibu ngendikaake bapak durung kagungan dhuwit.
Kocapa ing sore iku bapak kondur ngasta tas sing dak suwun.
Ibu gumun, "Nora sida tindak nyang dhokter pak?"
"Kapan-kapan bae.., mengko diombeni jae anget rak ilang dhewe." ngendikane bapak.

Ora ngertia ragad kanggo nyang dhokter, dhuwite kanggo mundhutke tasku, mbayar kasenengane atiku kanthi ngorbanake kesehatane.

"Mbiyen sawuse adicara akad nikah rampung, bapakmu enggal mlebu kamar. Sliramu apa ngerti nduk kang ditindakake bapakmu?", ibu ndangu.

Aku gedhek. "Bapakmu sujud sokur karo dongaake sliramu. Eluhe dleweran nelesi sajadah.
Bapak nyenyuwun muga Gusti Allah ngrumuntuhake karahayon marang uripmu. Muga sliramu tansah kasinungan berkah lan nenuwun supaya sliramu nora lali tansah konjuk sokur mring Gusti Pangeran.
Dene yen pinuju nampa pacoban, nyuwun supaya pacoban mau minangka kersane Gusti kanggo luwih mantepake uripmu.
Rada sawetara suwe bapakmu sujud kairing ngguguk muwune.
Ibu njur ngelingake akeh tamu kang ngenteni miyose bapak seka kamar.
Bapak miyos kanthi esem datan ana tilase eluh ing socane".

Krungu kabeh iku, eluh mripatku tumetes nora bisa dibendung nganti nelesi pipi.
Saka njero kamar keprungu maneh swarane watuk bapak. Aku gegancangan nemoni bapak karo ngelap eluh ing pipiku.

"Nduk kowe bar nangis ya?" bapak mirsani karo nyawang tilas eluhku.
"Oh, boten kok pak!" aku ngguyu renyah.
Dak pijet sempolane suku njur dak teruske ing pundhake.
"Pijetanmu enak banget kaya ibumu", ngendikane bapak karo mesem.

Aku ngerti, masiya gerah, bapak tetep nedya agawe senenge atiku krana ngelem aku.
Ya lagi iku sepisanan aku mijeti bapak. Aku nyipati dene bapak katon rena kanthi pasuryane sumringah. Ohh... dadi trenyuh aku... gapyuk aku nubruk bapak.

"Benjing kangmas inggih ingkeng mantu badhe nusul sowan, mendhet cuti satunggal minggu kados dalem pak.
Mangke sonten bapak dalem dherekaken dhateng dhokter", aturku.

Bapak nampik, "Iki mung watuk entheng kok, mengko rak ya mari dhewe".
"Kedah dhateng dhokter pak, dalem mantuk pancen nedya ndherekaken bapak dhateng dhokter, dalem suwun kersoa bapak ngeparengaken pepenginan dalem punika pak", aturku karo ngrengek.

Bapak mendel sedhela. Sejatine aku mulih maune ya kepengin preenan, nora ngrancang nang dhokter.
Nanging aku nora blaka supaya bapak kersa dak dherekake menyang dhokter.
Bapak sidane dak dherekake menyang dhokter spesialis.

Bapak protes maneh, panjenengane ngersake dhokter umum bae sing luwih murah ragade. Aku amung mesem

Asil pamariksane bapak kudu mlebu rumah sakit dina iku uga.
Dak gawa lan dherekake menyang rumah sakit kang apik dhewe ing kuthaku.

Ibu uga ndangu setengahe protes, "Seka ngendi kabeh mau ragade nduk?"
Karo mesem aku atur wangsulan, "Dalem ingkang nanggel bayar sadaya bu. Wiwit timur bapak sampun sengkut nyambut damel upadi rejeki kangge dalem. Samangke gantos dalem ngupadi arta katur bapak lan ibu. Dalem saged bu!"

Aku bisik-bisik tumujokake dhokter, "Nyuwun tulung kang sarwa sae kagem bapak kula dhok, sampun ngantos nimbang-nimbang ragadipun", ujarku. Dhokter amung mesem.

Sawuse bapak kondur tekan ndalem lan wancine aku pamit mulih, aku nora mung nyalami bae, nanging ngrangkul kenceng kanggo nyaur pepenginan ing satasiun biyen.
"Asring-asring nggih katuran bapak nilpun, boten namung ibu kemawon", aturku.
Ibu ngedhipake socane karo mesem.

Sajeroning sadalan-dalan mulih, aku mikir, sepira akehe ya anak sing nora bisa mangerteni bapake kaya aku iki?
Sasuwene iki aku nora mangerteni iba tuhu gedhe tresnane bapak marang aku.
Dina-dina candhake aku tansah ndedonga, kanthi pangrasane ati kang beda. Kagambar rikala bapak sumuyud ing dina akad nikahku... iba tuhu lan gedhe tresnane bapak marang aku nora beda asihtresnane ibu.

Muga Gusti ngeparengake aku isih nduweni wektu luwih suwe mijeti sampeyane bapak, ngrangkul lan ngesokake rasa tresnaku marang bapak, kadya tresnaku mring ibu...
Muga Gusti ngijabahi.... Gusti amberkahi.... Aminnn..

JM, gagat bangun, 261119
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN