KETIGA SALAH MANGSA

  kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2502205673391888&id=1684548218490975

Nabastala lelimengan mendhung..
amung tansah gawe bingung..
pra jalma ing salumahe wasundari..
angantu tumetesing warih anelesi bantala..
sasambat anglentrih ketiga salah mangsa.

Tumungkul nyadhong palimirmane Sang Hyang Wisesa..
gemleger kaprungu ing akasa..
agawe gumetering dhadha..
nanging gawe anylesing hawa..
galengan sesawahan kumricik toya.

JM, dungkap esuk, 71119
     rinakit dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN