KAPRIGELAN MEMULANG

  kapacak uga ing :
  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2503609379918184&id=1684548218490975

Rombongan kanoman lagi padha nekani pahargyan ningkahane kadang.
Ing salah sijine kanoman mau meruhi gurune SD.
Bocah murid iku nyedhaki gurune nyalami kanthi ormat, klawan matur : "Punapa Bapak taksih kemutan kalian kula pak?"
"Ora!", wangsulane gurune.
Si murid gumun : "Oh makaten pak, kok bapak guru ngantos boten kemutan kula nggih? Kula rak murid ingkang nyolong jam tangan salah satunggaling kanca ing kelas."
"Lan nalika lare ingkang kecalan jam tangan muwun, Bapak guru dhawuh para murid sadaya ngadeg jalaran badhe dipun gledhah ing kanthong para murid."

"Kula mikir dene Bapak badhe damel lingsem kula ing sangajenging para murid lan guru-guru, ingkang wusananipun damel poyokan sadaya badhe ngecap kula sawijining pandung/maling temahan gesang kula saged risak salaminipun."
"Rikala samanten bapak dhawuhi para murid sadaya ngadhep tembok lan nutup mripat kawula sadaya.
Salajengipun Bapak nggledhah kanthong kawula sami, giliran dumugi kula Bapak mendhet jam ing kanthong kula, lan Bapak nglajengaken nggledhah ngantos dumugi murid pungkasan."

"Sasampunipun, Bapak dhawuhi kawula sadaya bikak tutup mripat lan wangsul ing bangku piyambak-piyambak."

"Nalika samanten kula ajrih sanget bilih Bapak badhe adamel nglingsemaken kula ing sangajengipun para murid."
"Ananging boten!...,  malah asta Bapak nggegem jam tangan kala wau tumuli maringaken dhateng murid ingkang kecalan datan ngendikaaken sinten ingkang nyolong."

"Salaminipun kula sinau ing pawiyatan punika, Bapak boten nate ngendika ngrembag icalipun jam tangan kasebat, lan boten wonten satunggala murid lan guru ingkang ngrembag kecalan jam tangan kalawau."

"Makaten pak ingkang saged kula emut kedadosanipun. Kadospundi ngantos Bapak ngesupenaken kula ingkang nakal punika, punapa Bapak sampun kemutan?"

"Kula punika murid panjenengan lan crita kula punika estu crita nguwirangaken ingkang boten badhe kula kesupenaken!."
 "Kula estu-estu muji kaluhuraning budi Bapak.., lan wiwit wekdal samanten kula ewah dados tiyang tansah ngupadi sageda tumindak kesaenan kanthi lampah utama krana nulad punapa ingkang Bapak tuladhani. Matur nuwun Bapak Guru samudayanipun."

Mireng katrangane si murid iku Sang Guru mangsuli :
"Bener-bener bapak ora kelingan marang sliramu nak, marga rikala nggledhah bapak uga njarag nutup mripatku kareben ora meruhi lan ngenali sapa sing nyenyolong jam tangan. Jalaran bapak ora kepengin rumangsa kuciwa mring salah sijine muridku, bapak nresnani kowe kabeh murid-muridku!"

Eliding crita kang bisa kapethik :
Sejatine pendhidhikan butuhake kaprigelan kanggo nutup kakurangan luwih-luwih tumindak ora pinuji.

Aja agawe isinne/wirange wong, jalaran bisa agawe rusaking uripe ing sabanjure lan nambah sangsaya rusak ing pasrawungan.

Aweh pangapura iku luwih prayoga lan wicaksana saha luwih mulya.

Sumangga!

JM, madya raina, 81119
      dening eNPe

####====####

sumber postingan di grup2 WA :

*SENI MENDIDIK*

Sekelompok anak muda menghadiri resepsi pernikahan.

Salah seorang di antaranya melihat guru SD nya.

Murid itu menyalami gurunya dengan penuh penghormatan, seraya berkata: "Masih ingat saya kan pak guru?”

Gurunya menjawab: “tidak”

Murid itu bertanya keheranan "masa sih pak guru tidak ingat saya"
Saya kan... murid yang mencuri jam tangan salah seorang teman di kelas.

Dan ketika anak yang kehilangan jam itu menangis, Bp menyuruh kami semua untuk berdiri karena akan dilakukan penggeledahan di saku para murid.

Saya berfikir bahwa saya akan dipermalukan dihadapan para murid dan para guru, dan akan menjadi tumpahan ejekan dan hinaan, mereka akan memberikan gelar kepadaku "pencuri" dan diriku pasti akan hancur, selama lamanya.

Dulu Bp menyuruh kami berdiri menghadap tembok dan menutup mata kami semua.

Lalu Bp menggeledah kantong kami, dan ketika tiba giliran saya, Bp ambil jam tangan itu dari kantong saya, dan Bp lanjutkan penggeledahan sampai murid terakhir.

Setelah selesai Bp suruh kami membuka penutup mata, dan kembali ke tempat duduk.

Saat itu saya takut Bp akan mempermalukan saya di depan murid murid yang mereka adalah teman teman saya.

Bp tunjukkan jam tangan itu lalu berikan kepada pemiliknya, tanpa menyebutkan siapa yang mencurinya.

Selama saya belajar di sekolah itu,  tidak pernah bicara tentang kasus jam tangan itu, dan tidak ada seorangpun guru maupun murid yang bicara tentang pencurian jam tangan itu.

Bp masih ingat saya pak?

Bagaimana bisa anda tidak mengingatku wahai guruku.

Saya adalah muridmu dan ceritaku adalah cerita pedih yang tak akan terlupakan.

Saya sangat mengagumimu, sejak itu saya berubah menjadi orang yang baik dan benar, Saya  mencontoh semua perbuatanmu.

Guru itu menjawab :
"Sungguh saya tidak mengingatmu, karena pada saat menggeledah itu sengaja aku menutup mata pula agar tidak mengenalmu.
Karena Saya tidak mau merasa kecewa atas perbuatan salah satu muridku, Saya sangat mencintai mereka"

Pendidikan memerlukan seni dalam menutup segala keburukan.

Jangan mempermalukan seseorang, karena akan dapat menghancurkan hidupnya dan tambah terperosok lebih dalam.

Memaafkan, Mengampuni, adalah sesuatu kebijakan yg mulia.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN