BAPAK TUWA ing SCHIPHOL

   kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2409562132656243&id=1684548218490975

Wus sesasi punjul saben pungkasaning minggu, ing cedhak lawang tumekaning para kang nunggang pesawat ing Schiphol Airport ana Bapak tuwa ngadeg ing antaraning wong-wong kang methuk kang nunggang pesawat Garuda Indonesia saka Jakarta. Mripate tansah nyawang tumuju mring para penumpang utamane wanita kang liwat saka lawang metu.

Pas ing ngarep lawang metu ana Kafe kang lumrahe kanggo ngenteni sing padha methuk sinambi nyruput kopi. Samono uga Bapak tuwa mau pesen kopi sadurunge mulih.

Ing kafe mau ana mahasiswi ayu sing lagi nyambut gawe paro wektu (magang) dadi pramu-saji kafe nora bisa ngempet anggone pingin mangerteni.
Sinambi nyuguhake kopi dheweke pitakon : "Bapak nembe methuk sinten pak? Bapak ing ngriki sampun ngancik minggu kaping gangsal nanging dereng pinanggih ingkang pun pethuk?" 

Kanthi rada nglokro bapak tuwa iku mangsuli : "Ohh o ora kok..., aku ora mapag sapa-sapa, nanging aku mung kepengin nyawang wong-wong sing saka Indonesia."

"Lajeng sinten ingkang badhe Bapak pirsani? punapa sadherek?", si mahasiswi pitakon.

"Aku pingin nyawang sapa bae, nanging pokoke wedok." wangsulane bapak tuwa.

"Lho rak sampun kathah tiyang estri Indonesia ingkang langkung saking kori medal wiwit gangsal minggu kepengker?", mahasiswi takon karo gumun.

"Pancen bener, nanging dudu sing dak karepake", wangsulane bapak tuwa.

"Lajeng kadospundi kersanipun?", tambah ora mudheng si mahasiswi iku.

Bapak tuwa mau njur ngetokake poto, "Iki lho... aku kepengin ndeleng wanita sing manganggo busana kaya iki" karo nuduhake poto mau.

Si mahasiswi iku ngematake poto iku, lan aweh pangalembana kasulistyane wanita lan kaelokan busanane.
"Woow wat a mooi Meisje, punika busana punapa?", si mahasiswi banget gumune.

"Kain-kebaya, busana keagungan bangsa Indonesia. Kang pungkasan aku weruh wanita nganggo kebaya iki setengah abad kepungkur, ing pahargyan dhaupe mbakyuku."

"Wahh.. sampun setengah abad kepengker, dangu sanget nggih?!", wangsulane mahasiswi iku.

"Iya..., umurku saiki wus pitung puluh taun, sadurunge aku mati kepengin bisa meruhi", bapak tuwa iku wiwit kaca-kaca kebak pengarep-arep.

"Inggih pak mugi-mugi minggu ngajeng Bapak saged pinanggih wanita Indonesia mangagem kebaya", panglipure si mahasiswi iku.

Ing minggu kaping sepuluh, bapak tuwa iku isih setya ngenteni. Nanging praupane katon tambah lemes lan nglokro.
 "Mbokmenawa aku kudu eklas ngadhepi kanyatan donya kang wus akeh owah-owahane". batin atine si bapak tuwa mau.
Wiwit krasa kecut lan jengkel, dheweke duwe rasa sengit mring Indonesia sing wus buwang bangsane dhewe, senadyan nora bisa nglalekake katresnane marang budaya Indonesia.
Ananging sajake Indonesia kang ditresnani wus owah bab cita rasa ing babagan budaya. Bapak tuwa iku krasa dene katresnane wus entek saka kuciwane.
Dheweke banjur nggleyeh maneh ing kursi kafe iku, pandulune isih namatake lawang tumekane panumpang senadyan kosong.

Dumadakan mripate mblalak, ing ngarepe ngadeg sawijine wanodya gandhes manganggo kebaya ireng mawa kondhe katon merak ati nyekel sacangkir kopi.
"Meneer dit is jou koffie, alstublief." logate basa Londo gawe kaget.
Mawa esem manis wanodya iku mbageake kopi anget mring bapak tuwa iku.

Sawuse rada sawetara suwe olehe mandeng bapak tuwa iku wiwit mangerteni dene wanita bule manganggo kebaya iku ora liya mahasiswi sing biasane ngladeni kopi saben minggune ing kafe iku.
Mripate wiwit kaca-kaca kasusul tumetese eluh. Enggal dicandhak tangane si wanita kebaya iku, karo upaya ngadeg.

Si mahasiswi kebaya iku celathu lirih : "Nyuwun pangapunten, kula boten ayu lan luwes kados ing poto bapak, nggih namung punika ingkang saged kula aturaken kangge mangayu-bagya katresnan panjenengan kang ageng sanget dhateng budaya panjenengan".
Bapak tuwa iku nora bisa ngucap apa-apa maneh, awake sangsaya ndredheg lan mahasiswi iku gapyuk ngrangkul kebak rasa asih.

Para kadang sutresna, kayadene apa kang katulis ing crita iki mratelakake wondene para warga kita yen pinuju ing manca negara iba banget gedhe anggone mahayu budayane bangsa awit saka rasa kangen lan nglangeni. Mula kita kang dumunung ing negara kita wus salumrahe lan samesthine padha melu nguri-uri budaya kita kang adi luhung minangka jati dhiri bangsa.

Sumangga!

JM, lingsir wetan, 18719
      dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN