BIKKO SI OMPONG
(dongèngé simbah)
kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2406952409583882&id=1684548218490975
Bocah lucu jenengé Bikko, pawakané lemu banget pakulitané resik. Senengané nganggo topi biru. Mung émané Bikko nora naté mèsem lan tansah nutupi lambéné yèn ketemu kanca-kancané. Bikko isin amarga ora duwé untu ngarep sisih dhuwur alias ompong. Kala-kala si Bikko mikir kenapa untuku ngarep ndhuwur ora thukul kamangka sisih ngisor thukul?
"Untumu ngarep nduwur ompong, ananging kowé duwé untu graham akèh bisa kanggo mamah/nggayemi panganan", wangsulané mbok Srini, nalika si Bikko takon simboké.
"Gusi ompong bisa migunani kanggo nahan panganan nalika kita mamah", simboké mbacutaké.
Dina sepisanan mlebu sekolah sawusé prèènan, si Bikko nutupi cangkemé nganggo kacu/andhuk cilik. Si Bikko nedya aja nganti ana sing moyoki merga ompong.
Si Biko lungguh sabangku karo si Blèki kanca nunggal dhukuh.
"Kenapa kowé nutupi cangkemmu?", takoné si Blèki rada bingung.
"Lara untu!", wangsulané si Bikko.
"Coba menyanga lan nemoni paman Alan, dhèwèké bisa ngracik obat lara untu!", si Blèki awèh usulan karo mèsem amba. Si Bikko iri meruhi/nyumurupi/nyipati untuné si Blèki kang thukul rapi.
Mulih sekolah si Bikko énggal nemoni simboké.
"Mbok, aku kepingin masang untu palsu ya!", ngono si Bikko usul mring simboké.
Sanalika mbok Srini ngguyu ngakak lan nampik kepénginané si Bikko.
"Ya wis, dina Minggu mengko simbok ngeterké awakmu nemoni paman Alan.
Dina ésuké, si Bikko katon seneng banget budhal menyang sekolah, si Bikko selak ora sranta ngentèni dina Minggu.
Ing dina candhaké sadurungé wulangan sekolah kawiwitan, sang Kepala Sekolah rawuh mlebu klas kairing bocah wadon cilik sing ayu rupané.
"Bocah-bocah, iki Bikki, kancamu murid anyar ya!", bapak Kep Sekolah ngenalké murid anyar mau.
Halo kanca-kanca, jenengku Bikki, aku kepéngin dadi kanca-kanca kowé kabèh ya!", ngono si Bikki celathu karo mèsem amba. Éé lha dalah gusiné sing uga ompong katon cetha.
Si Bikko unjal ambegan. Gèk-gèkan kanca-kanca saklas nggeguyu karo moyoki si Bikki. Si Bikki bakal isin banget, ngono batin atiné si Bikko.
Ananging apa sing kadadèn, ora ana sing nggeguyu, malah kanca-kanca padha rebutan nyalami si Bikki. Si Bikki uga nampa salaman kanthi grapyak mbales karo mèsem amba.
Ahh, si Bikko njur dadi mèlu semangat njenggirat ngadeg , "Blêki, ayuk kenalan karo si Bikki!" si Bikko énggal nglebokaké kacuné ing tas sekolahé.
Meruhi iku si Blèki njur celathu, "Éhh, kowé wus ora lara untu ya Bikko?", pitakoné karo bingung.
Si Bikko manthuk karo mèsem amba ngatonaké yèn gusiné sisih dhuwur ompong.
Tuladhané dongèng iku bisa kapethik :
Dadia awakmu dhéwé, apa sing kok duwèni aja disélaki ananging tampaa kanthi kebak rasa sokur, aja memélik karo duwèké liyan, aja nandhing-nandhingaké mring wong liya awit apa sing kok duwèni iku peparingé Gusti.
Tansah narima lan gedhé rasa sokur iku tumindak kang luwih wicak.
Sumangga!
JM, sirep bocah, 14719
rinakit déning èNPé

Komentar
Posting Komentar