TANDANG-TANDUK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2401969536748836/
Lamun kita tlisik ing jaman saiki akèh kedadéan kang kurang papan lan empan. Wong sing kajibah piniji dadi pamong ing sawijining wilayah kang mauné kapracaya mimpin masarakat ambangun praja éé lha kok malah nerak paugeran kang wus dimupakati bebarengan.
Iya ora gumunake menawa kita nyumurupi pangwasa nindhes wong cilik lan ngrebut wewenangé ana ing pengadilan. Awit ora bisa disélaki saben pegawé kuwi diayomi déning sing mbawahaké, lan sakabehé diayomi déning penggedhé sing luwih dhuwur manèh pangkaté. Emane kahanan iki bisa kaplesetake lan dianggo gaman gawe menange dhewe.
Padha dieling senajan raja pisan, uripé gumantung saka asilé panèn.
Sing sapa karem dhuwit ora bakal marem karo anggoné golèk dhuwit. Sing sapa karem bandha ora bakal katurutan apa sing dadi pepénginan atiné. Uripé tansah nggrangsang.
Yèn kasugihanmu tambah, iya tambah cacahé wong sing mèlu ngentèkaké. Kowé olèh asil apa kejaba anggonmu sinebut wong sugih.
Wong glidhig kuwi akèh sethithika sing dipangan, anggoné turu kepénak marga tentrem atine, nanging wong sugih ora bisa turu marga barang-darbèké akèh lan akèh sing dikuwatiraké.
Ana prekara nyedhihaké sing kita sipati ing donya iki, yakuwi wong sing tetumpuk bandha, nanging njalari cilakané dhéwé.
Wong mau ngalami kapitunan nganti bandhané entèk gusis, temah ora ana sethithika sing diwarisaké marang anak putuné.
Kaya mangkono iku rak ya ora migunani lan gawé gelaning ati, déné anggon kita ninggal donya iki rak ya ora nggawa apa-apa, padha karo nalika kita teka. Saka asilé kringkelan kita, kita ora bisa nggawa apa-apa, rak ya padha karo mburu angin.
Sajegé urip kita padha ana ing pepeteng, nandhang kasusahan, atiné kebak sumelang ora duwe rasa sokur.
Pada dieling sejatiné kang luwih prayoga kanggoné manungsa yakuwi mangan lan ngombé sarta nikmati asil kangèlané sajroné isih kaparingan urip sing mung sedhela iki. Iku wus dadi panduman peparingé Gusti Allah.
Menawa Gusti Allah paring kasugihan lan bandha akèh, sarta marengaké kita ngrasakaké kanikmatané peparingé mau, kita wajib padha caos panuwun lan muji sokur sarta bungah déné bisa ngrasakaké asiling kangèlan kita. Kuwi kabeh ganjaran berkah peparingé Allah.
Sarèhné diparingi urip nampa kabegjan, wong mengkono mau ora prelu sumelang bab urip, nanging prelu lan luwih becik kepriyé tandang-tanduke anggone tumindak murih bisoa nggawa berkah lan murakabi tumraping wong liya.
Ya tandang-tanduk mau kang bisa sinebut salah sijine laku utama.
JM, sirep jalma, 7719
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar