GUMUNGGUNG BISA MBILAÈNI

  (dongèngé simbah)
kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2405712976374492&id=168454821849
       
Ing sajroning blumbangan sing dedunungé adoh saka padhusunan ana sapasang manuk Bango lan sawijining Bulus kang urip rukun pasedulurané padha tulung tinulungan antarané siji lan sijiné.

Ing satengahé wanci ketiga ngenthak hawané panas banget nganti blumbangané kasatan garing lan uwit-uwitan padha mranggas nganti akèh sing mati. Kaanan kaya mangkono nganti akèh para kéwan ing dhaérah kono padha ngungsi marga kekurangan pangan lan sumber banyu kanggo ombèn-ombèné. Kabèh kéwan kuwatir yèn nganti blumbangan bener-bener garing kasatan banyuné bisa-bisa mèlu mati.

Sapasang Bango rerasanan déné sakaroné kepéngin uga mèlu-mèlu ngungsi menyang dhaérah liya sing isih akèh banyuné lan pangané.
si Bulus krungu rerasané si Bango ngrasakaké judheg lan kuwatir banget amarga ngrumangsani yèn awaké klemar-klemer mlakuné nora bisa mabur kaya si Bango, lha ya mokal ta bisa mèlu-mèlu ngungsi kaya si Bango lan kéwan-kéwan liyané. Ya kaya mangkono iku sing dadi osiking ati si Bulus, polatané katon mesakaké.

Si Bulus celathu :"Ya wis kana énggala budhal menyang dhaérah liya, bèn baé tinggalen aku mati ing kéné kayadéné uwit-uwitan kaé. Aku nora bisa mabur kaya kowé!"

"Aja kuwatir Bulus sedulurku, aku duwé niat, aku sakaroné arep nyokot pucuk kiwa lan tengen sempalané carang pang pring njur kowé nyokota ing tengah-tengahé sempalan pang pring iku, welingku cokoten sing rosa aja nganti ucul ya, aku sakaroné arep nggawa kowé mèlu mabur menyang blumbangan kang luwih akèh banyuné!", wangsulané si Bango.

Temenan, kéwan telu mau énggal budhal krana mabur kaya sing wus dadi rembugané mau.

Sajroning mabur ketemu manuk Gagak clathuné : "Bulus! dhasar nora duwé isin!, wis ndhut awakmu nora bisa mabur, gawé aboté si Bango!"

Si Bulus nesu banget, ananging dhèwèké kèlingan yèn nganti menga cangkeme bakal ucul lan tiba, mati.
Mula si Bulus ngempet lan ngendhalèni kanepsoné kanthi luwih rosa anggoné nyakot pang pring nora maélu omongané si Gagak.

Nora let suwé ketemu manuk Jalak, lan si Jalak uga celathu : "Waoww.., Bulus kowé bener-bener kadya raja kang nguwasani nora mung jroning banyu lan dharatan ananging uga ing awang-awang bisa mabur! jempolan kowé Bulus!"

Si Bulus atine mongkok krungu lan olèh pujian kaya mangkono iku, sanalika saking senengé, njur awèh wangsulan : "Matur nuwun, aowww.....!", si Bulus kagèt kebacut mangap ngeculaké cokotané..., apa sing kedadèn? si Bulus tiba lan nganti tiwasé... iba mesakaké ya mati ngenes.

Tuladhané dongèng mau bisa kapethik,
*Terkadang dudu merga cinatur ala lan sadhéngah omongan ngrèmèhaké saka wong liya kang andadèkaké kita tumiba bilai, ananging malah cinatur ala & ngenyèk ngrèmèhaké mau andadèkaké kita bisa luwih kukuh.*

*Malah-malah alem puji pambagya bisa gawé kita lali lan dadi gumunggung nganti tumeka tiba ing tumindak kang nora élok kepara asor nerak paugeran urip bebrayan ing tengahing masarakat. Iya kaya mangkono iku gumunggung bisa mbilaèni!*

Para kadang kinasih, dongèng kang ngemu pasemon mau muga bisoa migunani tumrap kita paring pitutur mring putra-wayah kita.

Sumangga!
Gusti amberkahi!

JM, lingsir wengi, 13719
       déning èNPé

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN