DATAN KENDHAT ATUR PAMUJI SOKUR

Kaanané uriping manungsa iku bisa kaprinci  :

* Ana kang duwèni sarwa kacukupan raja brana ananging pijer nandhang lelara.

* Ana kang sisihané ayu, ananging urip bebrayané ing saben dinané nora naté rukun, kepara asring padu.

* Ana uga kang bebojoan kulawargané pepak anak-anaké séhat lan lucu-lucu, ananging kulawargané ya rama-ibune, kangmas-mbakyu lan adhi-adhiné nora temata uripé.

* Ana kang duwèni pasangan penyabar lan padha asih tresna-tinresnan, ananging durung kaparingan momongan.

* Ana kang garwané kakung gagah lan bagus, pagawéané mapan kajèn kèringan, ewadéné sang èstri ngrasakaké déné garwané solah tingkahé kasar lan kurang pigatèn.

* Ana uga lamun sinawang uripé katon sarwa sampurna, ananging sejatiné nora duwèni kasolèhan lan nora ngrasakaké katentreman ngibadhahé.

Mulané pracayoa déné saben wong kang duwèni kaluwihan temtu uga duwèni kakurangan.

_*NORA ANA MANUNGSA KANG SAMPURNA!*_

Kabèh kang katoné sarwa éndah lan nengsemaké sinawang saka njaba, durung temtu sejatiné ing jeroné kaya mangkono.

Iba ta yèn kita sadurungé bisa mangertèni, kita bakal banget anggoné atur pamuji sokur konjuk mring Allah kang wus andadèkaké kita kaya mangkéné iki datan nglirik lan mélik marang uripé wong liya, bisoa tansah urip narima.

Bokmenawa nalika kita nyumurupi kaanan sejatiné, kita bakal donga nyenyuwun konjuk mring Gusti Allah aja nganti nampa pacoban kang padha dialami déning wong-wong liya.

Mula sepisan manèh nora prelu duwèni rasa mélik lan iri karo uripé wong liya, amarga apa kang kita lakoni saiki iku mujudaké peparing rejeki kang becik lan nikmat dhéwé kang mujudaké kanugrahan mring kita.

 Sajroning dhiri saben manungsa akèh bab-bab kang tinemu becik, ananging kadhang kita lali atur pamuji sokur bab kanugrahan iku.

Mulané ayo padha datan kendhat anggonmu atur pamuji sokur kaananmu saiki iki. Amarga lamun déné Gusti Allah ngersakaké, kabèh mau bakal bisa owah.

Muga-muga Gusti Allah tansah paring pitulungan mring kita bisoa dadi para abdi titahé Gusti kang tansah atur pamuji sokur... Aamiin.
_________________
Wassalam,
*Habibie*

JM, madya ratri, 9719
kajarwaaké déning eNPe saka tulisané Prof Dr BJ Habibie,
 sumber :
http://antaranews.id/2017-09-06-tulisan-prof-dr-bj-habibie-_/




Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN