DIREKTUR ANYAR

kapacak uga ing :

Direktur sawijining perusahaan nedya arep leren anggone ngemban kalenggahane, sarta kepengin masrahake tanggung jawabe mau mring salah siji bawahane kang becik dhewe miturut cathetan lan pambijine.

Gandheng karo iku Sang Direktur nglumpukake kabeh bawahane sarta ambage WINIH PARI saben wong didumi siji-siji lan mrentahake :

"Tanduren WINIH PARI iku! Openana mawa rabuk, tlatenana anggone nyirami njur telung(3) sasi maneh saka wiwit saiki gawanen mrene taneman pari sing wus thukul saka winih iku!"

"Sapa kang BECIK DHEWE asile, arep dak pilih nggenteni kalenggahanku minangka Direktur ing perusahaan iki."

Krungu lan nampa prentah kaya mangkono kabeh pagawe andhahane padha mlongo lan gremengan kanthi semangat. 
Sanalika pagawe-pagawe mau enggal gegancangan mulih arep nandur winih pari iku.

Salah siji pagawe jenenge AHMAD sing uga nampa winih mau gegancangan mulih saprelu ngestokake dhawuhe Sang Direktur, nandur lan tlaten ngopeni winih taneman mau. Saben dina winih iku disirami banyu dicampur rabuk.

Sawuse telung sasi, ing kantor kabeh pagawe padha nyritakake kaelokane taneman parine sing thukul saka winih iku.

Kocap kacarita, lha kok amung si AHMAD dhewe kang Winih Tanemane nora bisa thukul babar pisan.

Ahmad rumangsa wus gagal. Sawuse 3 sasi para pagawe nggawa asil taneman pari saka winih sing dibage pak Direktur.

Ahmad crita karo bojone yen arep nggawa pot sing kosong amarga winihe bosok nora bisa thukul.
Bojone uga aweh panjurung semangat mring Ahmad supaya tetep nggawa Pot Kosong iku apa anane minangka rasa tanggung jawab netepi janjine marang Direktur telung sasi kepungkur.

"Ya digawa bae mas masiya gagal, saora-orane wus nuduhake sedya becik krana tekad ngupayakake sarta ngopeni kanthi tlaten kadya apa kang didhawuhake pak Direktur!", mangkono bojone aweh semangat.

"Oo ya!", wangsulane Ahmad, mawa ati dheg-dhegan rumangsa nora bisa netepi prentahe pak Direktur.

Lumebu ing kamar rapat, Ahmad nggawa pot kosong. Kabeh pagawe nyawang dheweke katon padha mesakake.

Nalika sang Direktur mlebu kamar rapat nyawang karo mesem siji-siji kaelokane taneman sing jarene asil saka winih kang dibage telung sasi kepungkur. Wusanane mandheg giliran tekan ngarepe si AHMAD sing ndhikluk isin.

Sang Direktur prentah maju lan Ahmad didhawuhi nyritakake urut-urutane anggone nandur winih pari mau kok nganti nora bisa thukul...??

Sawuse AHMAD rampung crita, pak Direktur keplok karo ngendika :
"Ayo padha menehi keplok kanggo AHMAD, Direktur Anyar perusahaan kita wiwit saiki!"
Kabeh sing krungu padha mlongo lan bingung!

Sang Direktur banjur nyritakake :
"Kabeh winih sing dak andum lan dak wenehake mring kowe kabeh, sabenere wus dak GODHOG nganggo banyu panas nganti mati lan nora bakal bisa thukul!"
 "Dene yen Winih sing kok tandur bisa thukul, mratandhani  yen kowe kabeh ngijoli winih lan ngapusi aku. Kejaba ya amung AHMAD, sejatine amung dheweke kang tumindak JUJUR!".

PESEN MORAL kang bisa kapethik :

Sebaren KAJUJURAN, sabab krana Anyebar Kajujuran tembene bakal methik Kapracayan!
Aja kuwatir tumindak JUJUR, awit jujur iku mujudake sangu utama ing pasrawungan!

Malah WEDIA lamun tumindak kita NORA JUJUR alias GOROH!

Sabanjure Moral Sejati kang bisa kapethik :
*Sing prelu oleh acungan jempol ya bojone Ahmad!*
*Ya amung wanita widagdya kang bisa menehi panjurung semangat garwane supaya tetep anjaga darmaning tugas!* 
*Tansah ana papane kanggo wong jujur, pracayoa!......*

Sumangga!

JM, parak esuk, 17719
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN